ArtikelKhutbah Jum'at

Wigatining yuswa 40 tahun

Khutbah Sepisan

ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ  ٱلَّذِيٓ أَنزَلَ ٱلسَّكِينَةَ فِي قُلُوبِ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ لِيَزۡدَادُوٓاْ إِيمَٰنٗا مَّعَ إِيمَٰنِهِمۡۗ وَلِلَّهِ جُنُودُ ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلۡأَرۡضِۚ وَكَانَ ٱللَّهُ عَلِيمًا حَكِيمٗا

أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.    اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن.     اَمَّا بَعْدُ :   فَيَا عِبَادَ اللهِ اُوْصِي بِنَفْسِي وَاِيَّا كُمْ بِتَقْوَى اللهِ   اِتَّقُوْااللهَ  لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ   قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ : اِنَّ اللّٰهَ مَعَ الَّذِيْنَ اتَّقَوْا وَّالَّذِيْنَ هُمْ مُّحْسِنُوْنَ

Jamaah Jum’at rahimakumullah

Ingkang sepisan saha linangkung utami, mangga kula lan penjenengan tansah mbudidaya, amrih tuwuh mindak-ipun iman saha taqwa dumateng Allah, iman  taqwa ingkang tambah ngrembaka saha kiat.  Inggih kanthi nindak-aken sedaya dhawuh dhawuh-ipun saha nebihi sedaya awisan-ipun.  Mboten namung tembung ing lathi ananging iman taqwa ingkang konjem ing manah.

Jamaah Jum’at rahimakumullah

Yuswo 40 (sekawan dasa) tahun menika wonten khususiyah kangge umat manungsa.  Padatanipun tiyang ingkang sampun ngancik yuswa 40 tahun menika, sampun bantas ing pamawas saha sampun wiyar ing budi. Pramila mongga kula lan penjenengan gatosaken pangendikanipun Allah ing ngandap menika :

وَوَصَّيْنَا ٱلْإِنسَٰنَ بِوَٰلِدَيْهِ إِحْسَٰنًا ۖ حَمَلَتْهُ أُمُّهُۥ كُرْهًا وَوَضَعَتْهُ كُرْهًا ۖ وَحَمْلُهُۥ وَفِصَٰلُهُۥ ثَلَٰثُونَ شَهْرًا ۚ حَتَّىٰٓ إِذَا بَلَغَ أَشُدَّهُۥ وَبَلَغَ أَرْبَعِينَ سَنَةً قَالَ رَبِّ أَوْزِعْنِىٓ أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ ٱلَّتِىٓ أَنْعَمْتَ عَلَىَّ وَعَلَىٰ وَٰلِدَىَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَٰلِحًا تَرْضَىٰهُ وَأَصْلِحْ لِى فِى ذُرِّيَّتِىٓ ۖ إِنِّى تُبْتُ إِلَيْكَ وَإِنِّى مِنَ ٱلْمُسْلِمِينَ

Ingkang Jawinipun : “ingsun dhawuh marang kabeh manungsa supaya gawe becik marang wong tuwane, biyunge wus ngandut kanthi susah payah, lan ngelairke hiya kanthi susah payah (uga). Lehe ngandut tekan nyapih-e udakara 30 (tigang dasa) sasi,mula arikalane deweke wus dewasa lan umure wus ngancik 40 (sekawan dasa) tahun, nuli deweke donga marang Allah :” duh gusti Allah, mugi paduka paring pitedah supados kula saged syukur nikmat, ingkang sampun paduka paring-aken dateng kula, saha dumteng bapak biyung kula, (ugi kula nyuwun) supados kula saged damel amal shalih, amal shalih ingkang paduka ridlo, (ya Allah kula ugi nyuwun) sih nugraha kawelasan kesaenan ing anak turun kula, estu kula inggih taubat dumateng paduka, lan mugi kula tansah kalebet kawula paduka ingkang tansah pasrah”. (QS. Al-Ahqaf: 15).

Al-Qur’an paring kawigatosan khusus ing bab yuswa 40 tahun. Perkawis menika minangka tanda yekti bilih wonten perkawis-perkawis ingkang kedah dipun gatosaken kanti estu-estu wonten ing fase yuswa 40 tahun menika, ing antawisipun inggih menika :

Sepisan, Dhawuh  Allah supados Kula lan penjenengan tansah damel amal saha berbakti dumateng tiyang sepuh,

Saperangan ayat   وَوَصَّيْنَا الْإِنسٰنَ بِوٰلِدَيْهِ إِحْسٰنًا ۖ  “ingsun dhawuh marang kabeh manungsa supaya gawe becik marang wong tuwane,  inggih ingsun Allah sampun wasiyat  supados sedaya manungsa tansah damel amal bagus saha berbakti dumateng tiyang sepuh-ipun.Berbakti dumateng tiyang sepuh menika mboten wonten wates-ipun. Sampun ngantos kanti pawadan sampun nikah lajeng, mboten ngabekti dumateng tiyang sepuh malih.

Inggih jamak lumrah menawi Kula lan penjenengan tetep ngabekti dateng tiyang sepuh, sak kamat kamat miderek kemampuan dhohiran wabathinan. Sampun ngantos jalaran kanthi ekonomi ingkang pas-pasan, lajeng mupus mboten ngabekti. Hal menika estu mboten sae saha klentu. Mesthinipun sina-asa  kahanan ekonomi ingkang pas –pasan, Kula lan penjenengan saged ngabekti dumateng bapa biyung kanthi sanesipun.   Mangga Kula lan penjenengan gatosaken dhawuh Allah SWT :

وَقَضَىٰ رَبُّكَ أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا إِيَّاهُ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا ۚ إِمَّا يَبْلُغَنَّ عِنْدَكَ الْكِبَرَ أَحَدُهُمَا أَوْ كِلَاهُمَا فَلَا تَقُلْ لَهُمَا أُفٍّ وَلَا تَنْهَرْهُمَا وَقُلْ لَهُمَا قَوْلًا كَرِيمًا. وَاخْفِضْ لَهُمَا جَنَاحَ الذُّلِّ مِنَ الرَّحْمَةِ وَقُلْ رَبِّ ارْحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانِي صَغِيرًا

Jawinipun : “lan Rabb-mu ( hiya Allah) wus paring dhawuh sira supaya aja ngibadah marang sak liyane Allah, ngibadah hamung mligi dumateng Allah, Allah sampun paring dhawuh supaya sira gawe lampah becik marang bapa biyung mu, mula nalika sewiji utawa karone wus padha tuwa, ana pengawasan-mu mangka aja pisan pisan muni “ah” lan aja sira mbentak karone, nanging ucapna marang karone kanthi pengucap kang becik. Lan andhap asor sira marang karone kelawan sih tresna lan ngucap donga : “duh gusti Allah, mugi paduka paring sih rohmat kawelasan dumateng bapa ibu kula, kados rikala bapa ibu kula nggulawentah kula rikala kula taksih timur” (QS. Al-Israa’ : 23-24)

Kepripun Kula lan penjenengan saged ngabekti dumateng tiyang sepuh?  Ing mbok bilih  kekalih-ipun   sampun yuswa sepuh, mesthi kemawon kedah dipun ladosi kanthi arif wicaksana. Sampun ngantos ngendika “ah” ingkang ateges wegah, menapa kawratan nggulawentah tiyang sepuh. Sambat sambat ngaru-ara menika mboten dipun kepareng-aken, Kula lan penjenengan kedah emut rikala Kula lan penjenengan taksih timur, taksih balita. Inggih rama kalih ibu ingkang tansah nggulawentah, kanthi sih tresna, ing tembe ngantos Kula lan penjenengan dados tiyang.

Kaping Kalih, Kula lan penjenengan saged mendhet piwucal awit “proses” “Perjuangan Ibu lan Bapak”.

Lafadz    حَمَلَتْهُ أُمُّهُۥ كُرْهًا وَوَضَعَتْهُ كُرْهًا ۖ  “ biyunge wus ngandut kanthi   rekasa /“susah payah”, lan nglairke ponang jabang bayi hiya kanthi rekasa/“ susah payah” uga. 

Lafadz  وَحَمْلُهُۥ وَفِصٰلُهُۥ ثَلٰثُونَ شَهْرًا ۚ  “ ngandut ponang jabang bayi nganti nyapih iku suwenen udakara 30 (tigang dasa) sasi.  Menika wekdal wiwit hamil, paring ASI dumugi nyapih. Lajeng bapa lan ibu menika ingkang nggulawenthah ngantos sak mangke dados tiynag ingkang saged gesang mandiri.      

Pramila kados pundi kawontenan-ipun  sak menika,    Kula lan penjenengan dados menapa kemawon, sugih menapa mlarat,  dados pejabat menapa rakyat, kawontenan Kula lan penjenengan kala rumiyin inggih namung balita ingkang apes saha sekeng, mboten kagungan kekiyatan, nun inggih namung awit sih nugraha katresnan saking ngarsanipun Allah, Kula lan penjenengan dados tiyang, Pramila sak sampun-ipun yuswa dewasa, inggih ngacik yuswa 40 (sekawan dasa) tahun, mesthinipun kedah sampun tuwuh kesadaran diri, mangertosi hakekat gesang ingkang sak estunipun saha sak lajeng-ipun.      

Kaping Tiga, Yuswa  40 (sekawan dasa) tahun.

Yuswa 40 tahun inggih awal sukses niti karier. Pramila estu wigatos ngantos al Quran nyebat usia 40 kanthi khusus. Inggih “spesial”.  jalaran lafadz   حَتَّىٰٓ إِذَا بَلَغَ أَشُدَّهُۥ  “ rikala deweke wus ngancik dewasa”.  Mengku teges bilih sampun dumugi yuswa ingkang dewasa, sampun sampurna ing babagan kanuragan, ekonomi saha posisi.  Mila lajengipun lafadz   وَبَلَغَ أَرْبَعِينَ سَنَةً  “ lan umure wus 40 (sekawan dasa) tahun”.  Menika nedahaken sampun dumugi yuswa dewasa. Inggih ngawiti “fase”    ngraos nikmat gesang, puncak karier. Pramila minangka kawula kedah dipun sarengi kalih tuwuhipun kesadaran, bilih sedaya ingkang sampun kasandang sak menika, wonten panjurung saha panyaruwe saking tiyang sanes, linangkung bapak ibu-nipun, sahabat saha sederek, sejawat kerja, saha lingkungan ing madyaning masyarakat. 

Kaping Sekawan, Pramila Kedah syukur

Lafadz  قَالَ رَبِّ أَوْزِعْنِىٓ  “ deweke umbul donga : “ duh Allah mugi paduka paring pitedah ing kula”  inggih nyuwun dumateng Allah mugi dipun paringi sesuluh purun syukur.

Lafadz  أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِىٓ أَنْعَمْتَ عَلَىَّ وَعَلَىٰ وٰلِدَىَّ  “ kanggo  mensyukuri nikmat kang wus paduka paringaken  ing kula, saha bapak ibu kula “, inggih dipun paringi sesuluh supados purun syukur awit sedaya kanugrahan, kalebet raos tresna saking bapak saha ibu, ingkang sampun nggulawentah wiwit timur ngantos dewasa. Tuwuhipun syukur awit sedaya nikmat gesang saha kanugrahan ingkang mboten pepindan,

Rizki ingkang kathah,kesempatan sukses secara ekonomi saha status sosial ing madyaning masyarakat.   Sedaya menika lajeng nuwuhaken etos kangge bersyukur dumateng Allah.  Kanthi syukur menika gusti Allah badhe paring tambah,  saha estu bilih lampah syukur mekaten badhe wangsul dumateng tiyang ingkang syukur kasebat.  Kados ingkang kaserat ing surat Luqman ayat 12 mekaten :

وَلَقَدْ ءَاتَيْنَا لُقْمَٰنَ ٱلْحِكْمَةَ أَنِ ٱشْكُرْ لِلَّهِ ۚ وَمَن يَشْكُرْ فَإِنَّمَا يَشْكُرُ لِنَفْسِهِۦ ۖ وَمَن كَفَرَ فَإِنَّ ٱللَّهَ غَنِىٌّ حَمِيدٌ

“ lan temen ingsun Allah wus paring  hikmat marang Luqman, yaiku: “syukur-o  marang Allah. Lan setuhune sak sapa wae kang syukur (marang Allah)  mangka setuhune syukure kui bali neng dewek-e,   lan sapa wae kang ora gelem syukur, mangka  (ngertiya) setuhune gusti  Allah Maha sugih tur Maha pinuji”. (QS. Luqman : 12)

Jamaah Jum’at rahimakumullah

Kaping gangsal, Amal shalih ingkang dipun ridhai        

Kanthi lafadz menika  وَأَنْ أَعْمَلَ صٰلِحًا تَرْضَىٰهُ   “lan  aku nyuwun isoh  ngamal  saleh kang  Paduka ridhai”.  Menika ngemu suraos bilih Kula lan penjenengan nyuwun dumateng Allah supados  saged ngamal ingkang dipun ridlai.Sanes ngamal ingkang  dipun bendhoni saha ngamal ingkang dipun laknat.      

Kaping Enem, Nyuwun Keturunan ingkang shalih/sae

lafadz  وَأَصْلِحْ لِى فِى ذُرِّيَّتِىٓ ۖ  “ya Allah kula nyuwun mugi paduka paring kesaenan ing kula saha anak putu kula”. Inggih supados dipun paringi Allah SWT,  keturunan ingkang sae (shalih-shalihah).   Keturunan/dzuriyah ingkang mbekta manfaat, saha kesaenan kangge diri pribadi, kelurga, masyarakat  bangsa saha negari. Pramila Kula lan penjenengan tansah umbul donga nyuwun dumateng Allah supados dipun paringi dzuriyah keturunan ingkang shalih-shalihah. Aamiin.

Jamaah Jum’at rahimakumullah

Kaping Pitu, Taubat   

Lafadzإِنِّى تُبْتُ إِلَيْكَ   “Setuhune kula mertobat dumateng paduka”. Saking  dosa-dosa kula.  Kepripun mawon Kula lan penjenengan manungsa menika, temtu kathah lepat, khilaf, saha dosa, mila sampun sak mesthi-nipun saha kedah-ipun menawi  lajeng taubat dumateng Allah,  awit sedaya dosa saha kesalahan kasebat. Allah sampun ngendika mekaten :     


يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ تُوبُوٓاْ إِلَى ٱللَّهِ تَوۡبَةٗ نَّصُوحًا عَسَىٰ رَبُّكُمۡ أَن يُكَفِّرَ عَنكُمۡ سَيِّـَٔاتِكُمْ وَيُدۡخِلَكُمۡ جَنَّٰتٖ تَجۡرِي مِن تَحۡتِهَا ٱلۡأَنۡهَٰرُ

Jawinipun: “Wahai wong wong padha iman, tobat-to  marang Allah kanthi tobat kang semurni-murnine. Muga muga Allah bakal mbusek ing kesalahan-kesalahanmu lan ( paring kawelasan) sira dilebok-ke neng suwarga, kang sak ngisore ana bengawan bengawan kang mili banyune…” QS at Tahrim 8. 

Mekaten ugi mboten kesupen, nyuwun ngapunten ugi dhumateng sesami, jalaran mesthi kemawon, sak lamine gesang temtu kathah salah saha khilaf. Jalaran mboten wonten manungsa menika ingkang saged kalis saking lepat, khilaf  saha dosa , kejawi Nabi saha Rasul.

.

Kaping Wolu, Lajeng Istiqomah ing  Islam.

Lafadz  وَإِنِّى مِنَ الْمُسْلِمِينَ “ lan setuhune kula kalebu golongane wong wong kang pasrah”.  Inggih Kula lan penjenengan pasrah diri dumateng Allah. Tansah taat patuh dumateng Allah. Kapitadosan ingkang tulus ugi namung dumateng Allah.  Kepripun Kula lan penjenengan gesang,  teng pundi Kula lan penjenengan gesang, temtu Kula lan penjenengan tansah nyuwun dhumateng Allah ing tembe angsal sih nughara kerahmatan saget wafat kanthi ngasto iman sah islam, pejah kanthi  husnul khotimah.

Jamaah Jum’at rahimakumullah

        Ing pungkasanipun, Mugi Kula lan penjenengan tansah saged ing wekdal umur ingkang sampun linangkung menika kanthi mundak kathahipun amal shalih. Aamiin

أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا َوَاسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ المُسْلِمِيْنَ إِنَّهُ هُوَ السَمِيْعُ العَلِيْمُ

Khutbah kaping kalih :

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى رَسُوْلِ اللهِ، وَلاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِاللهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَ هُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. مَعَاشِرَ الْمُسْلِمِيْنَ أَرْشَدَكُمُ اللهُ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، أَمَّا بَعْدُ؛

قَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.

 اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ ،  إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ, رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِوَالِدِيْنَا وَاْرحَمْهُمَا كَمَا رَبَّيَانَا صِغَارًا.  رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُونَا بِالإِيْمَانِ وَلاَ تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلاًّ لِلَّذِيْنَ ءَامَنُوْا رَبَّنَآ إِنَّكَ رَءُوفُ رَّحِيْمٌ،   رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا,   رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. 

*Dening  Ust M Humam, S.Ag

Naskah Lengkap bisa di download disini

Silakan gabung Group WhatsApp

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *