Khutbah Jawa : Jujur Ing Panggesangan
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوذُ ِباللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، وَقَالَ تَعَالَى : يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. أَمَّابَعْدُ
Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Mboten wonten tetembungan ingkang linangkung endah kejawi kalimah alhamdulillah. Pramila minangka jejering kawula sampun sak mesthinipun menawi tansah syukur dhumateng Allah I, awit sedaya sih nugraha rahmat ingkang sampun kula lan penjenengan tampi, Linangkung sih nugraha iman saha islam. menawi mboten kanthi kalih nikmat kasebat, tangeh lamun kula lan penjenengan sedaya sami semangat nindak-aken dhawuh dhawuh-ipun Allah I saha nebihi sedaya awisanipun Allah I. Pramila saking menika kalih nikmat kasebat kedah kula lan penjenengan jagi saha dipun uri uri supados mindak kualitas-ipun.
Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Nabi Muhammad r, uswah hasanah kagem kula lan penjenengan sedaya, lelumban gesang ing ngalam praja menika.
Ingkang sak lajengipun mangga sami mbudidaya amrih mindakipun raos taqwa dhumateng Allah I. Raos taqwa menika ingkang samangke kula lan penjenengan sedaya saged angsal kabegjan kamulyan ing donya dumugi ing akhirat
Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Saweneh saking sifat kanjeng Nabi Muhammad r ingkang kedah dipun teladani inggih Sidiq utawi jujur. Supados saged nulada sifat kasebat, pramila sampun kedahipun menawi sifat jujur menika tansah dipun tengen-aken saha nyawiji ing diri pribadi kula lan penjenengan sami, kalebet ugi tansah mbudi daya amrih saged tebih saking sifat mboten jujur ing madyaning gesang.
Sifat mboten jujur samangke badhe nuwuhaken sifat awon sanesipun, ingkang namung damel kapitunan diri pribadi, tiyang sanes kepara sedaya masyarakat. Supados dados pepeling, wekdal sak menika kathah wontenipun kasus kasus korupsi saha selingkuh, bibit kawitipun inggih amargi tumindak mboten jujur.
KPK sampun ngaturaken kirang langkung 100 tiyang ingkang dipun dakwa korupsi ing sak lebeting tahun 2024 miderek data wonten ing wulan Mei. Kejawi kasus korupsi, Indonesia kalebet negari ingkang inggil kasus selingkuh-ipun. Survei saking JustDating nedahaken bilih selingkuh ing negari Indonesia menika peringkat kalih ing kawasan Asia, kirang langkung 40%.
Kekalih kasus kasebat inggih nembe sekedik saking kathah kasus, ingkang sedaya kala wau undering saking tiyang ingkang mboten saged njagi kejujuran.
Estu wigatos dipun mangertosi menapa tha jujur menika? Miderek syaikhul Islam Ibnu Taimiyah, jujur inggih menika krenteg-e manah, tujuan saha pinyuwunan, lisan saha tumindak. Lisan saha tumindak kedah nyawiji, menawi lisan ngaturaken kesaenan, mekaten ugi tumindak kedah miderek lisan. Saking menika Kejujuran badhe mbekta ing kawilujengan saha kabegjan tumuju ing suwarga. Kasebat ing hadits mekaten,
عَلَيْكُمْ بِالصِّدْقِ ، فَإِنَّ الصِّدْقَ يَهْدِيْ إِلَى الْبِرِّ ، وَإِنَّ الْبِرَّ يَهْدِيْ إِلَى الْجَنَّةِ ، وَمَا يَزَالُ الرَّجُلُ يَصْدُقُ وَيَتَحَرَّى الصِّدْقَ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللهِ صِدِّيْقًا ، وَإِيَّاكُمْ وَالْكَذِبَ ، فَإِنَّ الْكَذِبَ يَهْدِيْ إِلَى الْفُجُوْرِ ، وَإِنَّ الْفُجُوْرَ يَهْدِيْ إِلَى النَّارِ ، وَمَا يَزَالُ الرَّجُلُ يَكْذِبُ وَيَتَحَرَّى الْكَذِبَ حَتَّى يُكْتَبَ عِنْدَ اللهِ كَذَّابًا
Jawinipun, “Prayoga saka sira kabeh padha nglakoni jujur, amarga jujur iku ngajak ing perkara apik, lan perkara apik iku ngejak ing suwarga. Mula wong kang tansah mlaku jujur lan tetep milih jujur, bakal dicatet ing ngrasane Allah minangka wong kang jujur. Mula padha ngedohi seka sira kabeh ing perkara goroh, amarga goroh iku tumuju ing perkara kang ala, perkara ala iku ngajak menyang neraka. Lan wong wong kang tansah goroh lan milih perkara goroh, mula ing ngarsane gusti Allah wong iku mau dicatet minangka wong kang goroh. (HR. Bukhari dan Muslim)
Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Supados kejujuran menika tansah saged dipun jagi kanthi sae, mila wonten perkawis perkawis ingkang wigatos kadosta,
Setunggal: Njagi niat. Sedaya ingkang dipun tindakaken ing madyaning gesang menika, badhe dipun serat selaras kalih niatipun. Mila sedaya jejibahan muamalah ingkang dipun tindak-aken menika saged dipun reken ngibadah selaras kalih niatipun. Rasulullah r sampun paring dhawuh mekaten,
إنَّمَا الأعمَال بالنِّيَّاتِ وإِنَّما لِكُلِّ امريءٍ ما نَوَى فَمَنْ كَانَتْ هِجْرَتُهُ إلى اللهِ ورَسُولِهِ فهِجْرَتُهُ إلى اللهِ ورَسُوْلِهِ ومَنْ كَانَتْ هِجْرَتُهُ لِدُنْيَا يُصِيْبُها أو امرأةٍ يَنْكِحُهَا فهِجْرَتُهُ إلى ما هَاجَرَ إليهِ
Jawinipun, Sak temene saben saben amalan iku gumantung ing niate, saben wong bakal oleh apa apa kang wes di niat-ake. Sak sapa kang hijrah amarga Allah lan Rasul-e, mula hijrah-e hiya kanggo Allah lan Rasul-e. Sak sapa wae kang hijrah amarga golek kadonyan utawa amarga wong wadon kang bakal dinikahi, mula hijrahe hiya marang apa kang di niatake/ dituju. (HR. Bukhari dan Muslim)
Kalih: Njagi Lisan. Allah I sampun paring dhawuh,
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًايُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Jawinipun, Hai wong wong kang padha iman, takwa-a sira kabeh marang Allah lan padha ngucap-a ing perkara kang bener. (muga muga) Allah nggawe apik amalan amalanmu lan ngapura kabeh dosamu. Sak sapa wae kang taat marang Allah lan Utusane,nula sak temene deweke bakal oleh kabegjan kang gedhe banget, [Qs. Al-Ahzab : 70-71]
Saking sahabat Abu Hurairah bilih Rasulullah r sampun paring dhawuh,
وَمَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلآخِرِ فَليَقُلْ خَيْرًا أَوْ لِيَصْمُتْ
Jawinipun, sak sapa wae kang iman marang Allah lan dina qiyamat, becik dheweke ngucap kang perkara kang apik utawa meneng (HR. Bukhari dan Muslim)
Dalil kasebat paring piwucal dhumateng kula lan penjenengan sedaya, wigatosipun njagi lisan, supados tansah ngendika ingkang sae saha jujur.
Tiga: Tekad Ingkang Kiat Nglampahi Ngamal Saleh. Allah I sampun paring dhawuh,
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ
Jawinipun, sak sapa kang gawe ngamal saleh, wong lanang uga wong wadon ing sak jeroning iman, mangka sak temene Ingsun bakal maringi kanggo wong wong iku urip kang apik lan sak temene Ingsun bakal maringi piwales kanggo deweke (wong akeh)iku mau ganjaran kang luwih apik tinimbang apa wae kang wes padha dilakoni wong wong iku. [QS. An-Nahl : 97].
Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Bilih kejujuran mboten badhe saged uwal saking niat, lisan saha amal ingkang sae. Pramila saking menika kanthi tansah ndandosi saha njagi tigang perkawis kasebat, mugi mugi kula lan penjenengan sedaya tansah ing sak lebeting kesaenan saha kejujuran. Mugi Allah I tansah paring ijabah, aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ الله الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ
Khutbah Kaping kalih
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ إِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْمَحْشَرِ، أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَيُّها الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ مُحَمَّدٍ. اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. رَبَّنَا لَا تُزِغۡ قُلُوبَنَا بَعۡدَ إِذۡ هَدَيۡتَنَا وَهَبۡ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحۡمَةًۚ إِنَّكَ أَنتَ ٱلۡوَهَّابُ. رَبَّنَآ إِنَّنَآ ءَامَنَّا فَٱغۡفِرۡ لَنَا ذُنُوبَنَا وَقِنَا عَذَابَ ٱلنَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ. اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
Oleh : Ustadz Muhammad Adi Negara, S.H.
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp
Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini


