ArtikelKhutbah Jum'at

Khutbah Jawa : Muhasabah Akhir Tahun 2024

Khutbah Sepisan

إِنَّ الْحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيْئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحِسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.

فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، وَقَالَ تَعَالَى : يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ

Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah.

Puji saha Syukur tansah konjuk wonten pangayunan Ilahi Rabbi, awit sih nugraha rahmat kula lan penjenengan sedaya saged nindak-aken pengibadahan ing dinten jumat menika. Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng  suri tauladan, Nabiyullah Muhammad r, lumeber sedaya garwa putra, sahabat, tabiin, tabiit tabiin, saha sedaya kaum muslimin wal muslimat dumugi akhir zaman.

Sak lajengipun saking mimbar menika kula ngajak diri pribadi sumrambah hadirin jamaah jumah, mangga sami mbudidaya amrih mindak-ipun iman saha taqwa dhumateng Allah I, kanthi tansah nindak-aken sedaya dhawuh saha nilar sedaya awisanipun Allah I.

Hadirin Jamaah Jumat rahimakumullah.

Dumugi wekdal sak menika inggih pungkasaning warsa 2024 miladiyah, mangga kula lan penjenengan sedaya tansah mulat sarira saha muhasabah, menapa wekdal saha yuswa sampun dipun ginak-aken kangge estu estu damel amal kesaenan? sedaya sampun mafhum bilih menawi gantos warsa enggal menika ateges etangan yuswa menika ugi tambah, ananging sayektos bilih gantos warsa menika estunipun jatah gesang ing ngalam praja menika saya suda.

Pramila menawi dipun gatosaken kanthi manah ingkang wening, bilih gilir gumantosipun dinten, sepekan, sewulan saha setahun, sedaya sami kagungan panyuwunan ing madyaning gesang tansah pikantuk kabegjan saha kenikmatan. Estu nggadahi panyuwunan pikantuk sih nugraha rahmat bagya mulya kedah miderek paugeranipun utawi (dhawâbith wa-hudûd) ingkang kedah dipun taati, inggih kenikmatan saha kabegjan kamulyan duniawi menika kedah dipun padosi kanthi margi ingkang leres, miderek paugeran agami saha negari. Saking menika tiyang ingkang paling sae inggih tiyang ingkang tansah gesang kanthi orientasi akhirat, kados kaserat ing pustaka suci al quran mekaten,

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢبِمَا تَعْمَلُوْنَ

Jawinipun, wahai wong wong kang padha iman, taqwa-a marang Allah lan prayoga saben saben wong iku padha nengen-ake amal apa kang kanggo persiapan dina sesok (akhirat); lan takwa-a  marang Allah, sak temene Allah iku maha pirsa apa wae kang lakoni. (QS. Al-Hasyr ayat 18)

Bilih ing ayat menika Allah paring pemut dhumateng tiyang tiyang ingkang iman supados estu estu taqwa dhumateng Allah, saha estu estu pados sangu kagem gesang sak lajengipun inggih ing ngalam kelanggengan. Pramila tiyang tiyang ingkang iman dipun dhawuhi supados takwa dhumateng  Allah, ing sadengah wekdal saha sadengah papan, takwa dhumateng Allah kanthi estu estu nindak-aken dhawuh dhawuhipun Allah I, saha nebihi menapa kemawon awisanipun.

Saben saben tiyang kedahipun tansah mersudi kagem gesang sak sampunipun gesang ing ngalam praja menika. Kalebet dados prioritas, inggih gesang kanthi sae ing akhirat samangke. Gesang ingkang tansah lelandesan iman saha taqwa dhumateng Allah I. Gesang ingkang ihlas namung pados ridhonipun gusti Allah. Sedaya sami sadar saha yakin bilih gesang ngalam donya menika namung sekedhap, gesang ing akhirat menika langgeng.

Pramila saking menika jamaah sedaya, taqwa dhumateng Allah I, kedah tansah njagi  hablum minallah, ugi hamblun minan naas.  Kalebet njagi lestantunipun lingkungan ekosistem ing ngalam donya menika.

Wondene ing babagan umur manungsa,  wonten piwucal saking kanjeng Nabi  Muhammad r, kados ingkang dipun riwayataken imam al-Tirmidzi saking Abu Bakrah mekaten,

إِنَّ رَجُلاً قاَلَ يَا رَسُوْلَ اللهِ: أَيُّ النَّاسِ خَيْرٌ؟ قاَلَ: مَنْ طَالَ عُمْرُهُ وَحَسُنَ عَمَلُهُ.

Jawinipuntemen ana sewiji wong  lanang kang takon marang kanjeng Nabi, Ya Rasulallah sinten tha tiyang ingkang paling sae? Panjenengan-ipun paring dahwuh : Yaiku wong kang  umure dawa lan apaik amale.”

Mekaten piwucal ing agami Islam, bilih wontenipun tambah wilangan umur menika badhe labet, menawi kanthi tambah yuswa kasebat sebanding kaliyan amal kesaenan ingkang sampun katindak-aken. Pramila saking menika mangga wontenipun amal kesaenan menika tansah dipun upadi supados saged mindak saha tambah kuantitas saha kualitasipun.

Mugi mugi gusti Allah tansah paring gampil dhumateng kula lan penjenengan sedaya tumuju dhumateng karaharjan, kawilujengan, kabegjan, kamulyan gesang wiwit ing ngalam donya menika ngantos ing akhirat samangke. Mekaten mugi wonten manfaatipun.

بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِي اْلقُرْاَنِ اْلعَظِيمِ  وَنَفَعَنِى وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ الله ُمِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمِ

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ، وَاْلعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلَّا عَلىَ الظَّالِمِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهاَالْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهم صَلِّ وَسَلّمْ عَلٰى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللهم انْصُرِ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ وَالْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ فِلِسْطِيْنَ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا ٱغۡفِرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيَّ وَلِلۡمُؤۡمِنِينَ يَوۡمَ يَقُومُ ٱلۡحِسَابُ . رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

Oleh : Drs. H. Nur Idy, S.Ag

Naskah Lengkap bisa di download disini

Silakan gabung Group WhatsApp

Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *