ArtikelKhutbah Jum'at

Khutbah Basa Jawa : Itsar saha Cinta Kebenaran

Khutbah Sepisan

الْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللّٰهُ فَلَامُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ – اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ – وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ – اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَاعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ إِتَّقُوْ اللّٰهَ حّقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِى الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. يَا أَيُّهَا اللَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.

Hadirin Jama’ah Jum’at Rahimakumullah

Sepisan mangga kula lan penjenengan tansah ngaturaken raos puja puji, raos syukur dhumateng Allah I. Shalawat saha salam mugi tansah tansah katur dhumateng Nabi Muhammad r, sumrambah dhumateng garwa putra, sahabat, tabiin tabiit tabiin, saha sedaya kaum muslimin wal muslimat ingkang tansah nggegesang sunnah sunnahipun.

Mboten kesupen mangga tansah mbudidaya amrih mindak-ipun raos iman saha taqwa dhumateng Allah I. Kanthi nindak-aken sedaya dhawuh dhawuhipun saha nebihi sedaya awisanipun.

Hadirin Jama’ah Jum’at Rahimakumullah

Ing wekdal menika kula badhe ngaturaken babagan  Itsar saha Cinta Kebenaran. Kados sedaya sampun mangertos bilih Itsar inggih sikap nengenaken dhateng kabetahen tiyang sanes tinimbang kabetahen diri pribadi, kepara rikala diri pribadi ugi mbetahaken . Rasulullah r sampun paring patuladan ingkang linangkung ing babagan itsar menika.

Ing sak lebeting maneka warni perkawis, panjeneganipun tansah nengenaken dhateng kabetahan umat, sinaosa kawontenan panjenenganipun sayektos ugi mbetahaken. Patuladan ingkang ketingal cetha wela wela inggih rikala prastawa perang Badar, mekaten  ugi para sahabat sampun paring pangorbanan kagem mbiyantu sahabat sanesipun kanthi tulus ihlas. Rasulullah r sampun paring dhawuh ,

عَنْ أَنَسٍ عَنِ النَّبِىِّ – صلى الله عليه وسلم – قَالَ: لا يُؤْمِنُ أَحَدُكُمْ حَتَّى يُحِبَّ لأَخِيهِ مَا يُحِبُّ لِنَفْسِهِ

Jawinipun, saking sahabat Anas saking kanjeng Nabi r sampun paring dhawuh : “ora sempurna iman saweneh seka sira kabeh yentha deweke durung nresnani sedulure kaya dene deweke nresnani marang diri pribadine (HR. Bukhari)

Itsar mboten namung babagan arta banda utawi materi, ananging ugi wekdal, tenaga, saha kawigatosan dhumateng tiyang sanes. Inggih wujud raos asih dhumateng sesami kanthi tulus. Hal menika kalebet perkawis ingkang wigati kagem tuwuhipun masyarakat ingkang sami peduli  sesami. 

Hadirin Jama’ah Jum’at Rahimakumullah

Trap trapan Itsar ing madyaning gesang sedinten sedalu:

Sepisan, Nengenaken dhateng kabetahan sesami. Saweneh patuladan sikap saha ngamal nindak-aken Itsar inggih rikala kula lan penjenengan tansah nengenaken dhumateng kabetahan tiyang sanes tinimbang kabetahan diri pribadi. Kados rikala kula lan penjenengan kagungan pangupa jiwa ingkang cekap, lajeng kersa berbagi dhumateng tiyang sanes ingkang nembe kekirangan, mboten aji mumpung badhe dipun telasaken piyambak.  Tumindak purun bergagi menika kalebet sikap  saha tanda yekti saking itsar ing madyaning gesang sedinten sedalunipun.

Kaping Kalih, Paring pambiyantu dhumateng sesami ingkang nembe nandang sekeng. Itsar ugi ateges purun paring pambiyantu dhu,ateng tiyang ingkang mbetahaken saha nembe nandang masalah. Rikala kula lan penjenegan pirsa tiyang sanes ingkang nembe nandang sekeng ekonomi, sosial, saha emosional, kula lan penjenengan paring pambiyantu sinaosa diri pribadi menika ugi nembe ing kahanan cumpen lan kekirangan. Kanjeng Nabi Muhammad r, sampun paring patuladan tansah nengenaken dhumateng  kabetahan umatipun.

Kaping Tiga, Berbagi Rezeki kanthi Ikhlas. Saweneh saking wujud Itsar inggih kersa berbagi rezeki dhumateng sesami,kalebet arta banda, wekdal saha kawigatosan. Ing rikala kula lan penjenengan kagungan, mboten wigah wigih mbantu dhateng tiyang sanes. Kadosta paring sedekah dhumateng tiyang ingkang nembe sekeng saha betah bantuan, mbantu sesamii ingkang nembe nandang kekirangan, kalebet ugi mbucal wekdal kagem mbantu tiyang sanes siaosa kula lan penejengan ugi nembe ing ngayahi jejibahan.  

Kaping Sekawan, Nengenaken dhateng kabetahan Keluarga. Itsar ugi saged dipun tindakaken ing madyaning keluarga. Minangka anak, kula lan penjenengan saget ngrumiyinaken kabetahan tiyang sepuh tinimbang kabetahan diri pribadi. Minangka suami utawi istri, kula lan penjenengan langkung ngrumiyinaken kabetahan  pasangan saha anak-anak tinimbang kabetahan diri pribadi.

Hadirin Jama’ah Jum’at Rahimakumullah

Kejawi menika cinta kebenaran inggih fondasi ing madyaning gesang saha panggesangan umat Islam. Kula lan penjenengan sedaya kagungan jejibahan tansah nengenaken ing bebener, tansah miderek pitedah saha pranatan saking  Allah saha Rasulullah r, mekaten ugi kedah nebihi sedaya lampah dora saha lampah dhalim. Allah I sampun paring dhawun ing sak lebeting  Al-Qur’an mekaten,

وَقُلْ جَآءَ ٱلْحَقُّ وَزَهَقَ ٱلْبَٰطِلُ ۚ إِنَّ ٱلْبَٰطِلَ كَانَ زَهُوقًا

Jawinipun,lan padha matura, ‘ bebener wus tumeka lan perkara bathil wus sirna. Sak temene perkara bathil iku mesthi sirna (QS. Al-Isra: 81).

Remen ing bebener menika paring  piwucal, supados kula lan  penjenengan menika tansah tumindak  jujur, adil, saha nebihi saking sedaya tumindak awon saha dlolim.  Rikala kula lan penjenengan menika remen ing bebener, estu samangke badhe tansah ugi ing madyaning margi ingkang leres, saged kalis saha wilujeng saking nafsu kadonyan.

Hadirin Jama’ah Jum’at Rahimakumullah

Ing akhiripun mangga sami muhasabah, sepinten kula lan penjenengan sedaya sampun nindak-aken jejibahan itsar ing madyaning gesang? Menapa kula lan penjenengan estu sampun  peduli saha empaty dhumateng sesami, sampun saged nengenaken kabetahan tiyang sanes, menapa taksih nengenaken dhumateng kabetahan diri pribadi ? sedaya kedah emut bilih sifat itsar  menika saweneh tanda yekti saged angsal kabegjan kamulyan jati ing donya ngantos dumugi ing akhirat. 

Kagem mungkasi atur mangga tansah nyeyuwun dhumateng Allah I, mugi mugi dipun paring daya kekiyatan, saged nindak-aken jejibahan ing madyaning gesang menika kanthi sae, tulus, ihlash ing margi ingkang leres. Aamin.

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًاأَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ  وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهم صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ. اللهم اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللهم أَحْسِنْ عَاقِبَتَنَا فِى الأُمُورِ كُلِّهَا وَأَجِرْنَا مِنْ خِزْىِ الدُّنْيَا وَعَذَابِ الآخِرَةِ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا.  رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْنوَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

Oleh : Ustadz Syahril Sidiq, S.Pd.I, M.A.

Naskah Lengkap bisa di download disini

Silakan gabung Group WhatsApp

Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *