Khutbah Basa Jawa : Gusti Allah Maha Esa
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيْئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحِسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، وَقَالَ تَعَالَى : يَاأَيّهَا الّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا، أَمّا بَعْدُ …
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Alhamdulillah, sedaya puji tansah konjuk dhumateng Allah I, awit sedaya sih nugraha rahmat saha nikmat ingkang linangkung kathah, saweneh nikmat inggih saged nindak-aken jejibahan ing dinten jumat menika. Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Rasulullah r lumeber sedaya keluarga, para sahabat, sedaya kaum muslimin wal muslimat ngantos akhir zaman.
Murwakani khutbah Jum’at menika, mangga kula lan penjenengan sedaya tansah mbudidaya amrih mindakipun raos iman saha taqwa dhumateng Allah I, inggih kanthi estu estu nindakaken sedaya dawuh saha nilar sedaya awisanipun. Iman saha taqwa ingkang tansah dipun cepengi kanthi estu, ngantos puputing yuswa. Allah I sampun paring dhawuh mekaten:
وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِينُ
Jawinipun “lan padha manembaho sira kabeh marang Allah nganti tumekane pepesthen/(ajal)” (QS. al-Hijr: 99)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Saweneh pranatan agami ingkang linangkung wigatos inggih menika tauhid. Paugeran Tauhid inggih paring piwucal bilih mboten wonten pengeran ingkang haq dipun sembah kejawi namung Allah piyambak, inggih dzat ingkang maha ngripta, maha ngatur sedaya samukawis, maha kuwaos ing samudayanipun. Mboten wonten ingkang sebanding, saha saged nandingi maha kuwaosipun. Pramila umat Islam kedah sadar saha yakin bilih Allah menika Esa, namung setunggal, mboten peputra saha sanes putranipun sinten kemawon. Kados ingkang sampun kaserat ing surah Al-Ikhlas mekaten:
قُلۡ هُوَ ٱللَّهُ أَحَدٌ ١ ٱللَّهُ ٱلصَّمَدُ ٢ لَمۡ يَلِدۡ وَلَمۡ يُولَدۡ ٣ وَلَمۡ يَكُن لَّهُۥ كُفُوًا أَحَدُۢ ٤
Jawinipun, Matura sira: “Panjenengane Allah, ingkang Maha Esa. Allah yaiku Rabb kang gumantung dhumateng Panjenengane kabeh samubarang. Panjenengane ora peputra lan dudu anak kang dilahirke. Ora ana sewiji wiji kang bisa madhani panjenengane. “. [QS. Al-Ikhlas: 1-4]
Pramila ing saben saben nindak-aken jejibahan gesang ing ngalam donya menika, kedah tansah ngakeni saha yakin bilih Allah I minangka dados sumber kekiyatan saha nyuwun pitulungan. Paugeran tauhid ngawisi kula lan penjenengan nindakaken sedaya menapa kemawon arupi (pikiran, pengendikan saha tumindak) ingkang tumuju dhumateng syirik.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Ing madyaning sejarah perkembangan agami-agami, wonten pemanggih ingkang sampun nalisir saking paugeran, kadosta keyakinan bilih Isa Al Masih menika putranipun gusti Allah, kepara wonten ingkang kagungan keyakinan bilih Isa menika pengeran ingkang dipun sembah. Bab menika wonten ing pranatan agami Islam sampun kalebet nindak-aken lampah syirik, amargi sejatosipun Isa u menika Rasul Allah, utusanipun gusti Allah, sanes putranipun menapa malih dados pengeran. Kaserat ing QS. Al-Ma’idah: 75 mekaten,
مَّا ٱلۡمَسِيحُ ٱبۡنُ مَرۡيَمَ إِلَّا رَسُولٞ قَدۡ خَلَتۡ مِن قَبۡلِهِ ٱلرُّسُلُ وَأُمُّهُۥ صِدِّيقَةٞۖ
Jawinipun, Al Masih putera Maryam iku minangka sewiji Rasul kang tenan tenan wes jaman kepungkur sadurunge pira pira rasul, lan ibune sewiji wong kang bener banget. [QS. Al-Ma’idah: 75]
Nabi Isa u inggih saweneh saking kawulanipun Allah ingkang estu minulya, miyos ing ngalam donya kanthi mukjizat ingkang ageng, mboten kagungan bapak, dipun utus supados paring sesuluh agami ing madyaning Bani Israel. Kanthi wontenipun maneka warni keistimewaan saha mukjizat, nabi Isa estu estu namung rasul utusanipun Allah, saha Nabi Isa u dereng nate ngendika menawi panjejenganipun menika pengeran.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Keyakinan menawi kanjeng Nabi Isa (Al-Masih) u menika dipun wastani pengeran, estu keyakinan ingkang klentu, saha mboten selaras kalih paugeran tauhid. Allah menika maha kuwaos mboten mbetahaken bantuan saha mboten ngangkat mahluq dados pengeran.
قَالُواْ ٱتَّخَذَ ٱللَّهُ وَلَدٗاۗ سُبۡحَٰنَهُۥۖ هُوَ ٱلۡغَنِيُّۖ لَهُۥ مَا فِي ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَمَا فِي ٱلۡأَرۡضِۚ إِنۡ عِندَكُم مِّن سُلۡطَٰنِۢ بِهَٰذَآۚ أَتَقُولُونَ عَلَى ٱللَّهِ مَا لَا تَعۡلَمُونَ
Jawinipun. Wong wong akeh seko golongane (Yahudi lan Nasrani) padha celathu: “Allah nduweni anak”. Maha Suci Allah; Panjenengane Allah kang Maha sugih; kagungan apa kang ana ing langit lan ing bumi. Sira ora nduwe hujjah ing perkara iki, apa ya pantes yentha siro kondo babagan gusti Allah apa kang ora sira mangerteni [QS. Yunus : 68]
Allah sampun paring pangemut dhumateng kula lan penjenengan sami awit dosa ageng inggih nglampahi syirik, Allah sampun ngendika mekaten,
لَقَدۡ كَفَرَ ٱلَّذِينَ قَالُوٓاْ إِنَّ ٱللَّهَ هُوَ ٱلۡمَسِيحُ ٱبۡنُ مَرۡيَمَۖ وَقَالَ ٱلۡمَسِيحُ يَٰبَنِيٓ إِسۡرَٰٓءِيلَ ٱعۡبُدُواْ ٱللَّهَ رَبِّي وَرَبَّكُمۡۖ إِنَّهُۥ مَن يُشۡرِكۡ بِٱللَّهِ فَقَدۡ حَرَّمَ ٱللَّهُ عَلَيۡهِ ٱلۡجَنَّةَ وَمَأۡوَىٰهُ ٱلنَّارُۖ وَمَا لِلظَّٰلِمِينَ مِنۡ أَنصَارٖ
Jawinipun, Temen temen wes kafir wong wong kang padha celathu, “Sak temene Allah yaiku Al Masih putera Maryam”, kamongko Al Masih (piyambak) wus ngendika: “Hai Bani Israil, manembah-a marang Allah pengeranku lan hiyo pengeranmu “. Sak temene wong wong kang nggawe tandingan kanggone Allah (kanthi sewiji wiji), mangka mesthi Allah wes ngaramake kanggo deweke mlebu suwarga, lan papan baline hiyo neraka, ora bakal ana kang menehi pitulungan marang wong kang zalim.[QS. Al-Ma’idah: 72]
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Kula lan penjenengan minangka umat Islam kedah tansah memurnikan iman tauhid kanthi estu estu leres. Iman dhumateng Allah, ateges yakin Allah menika Maha Esa saha ngakeni bilih Isa Al-Masih minangka rasul Allah, sanes pengeran, ugi sanes putranipun pengeran
Pramila rikala wonten sederek non muslim ingkang kagungan keyakinan bilih Isa Al-Masih menika putranipun Allah saha ndadosaken minangka pengeran ingkang dipun sembah, saha yakin bilih tanggal semanten menika minangka dinten miyosipun Isa ugi ndadosaken minangka dinten hari raya, temtu kemawon minangka warga negara ingkang sae kula lan penjenengan sedaya minangka muslim muslimat kedah toleransi. Sedaya sami menghormati nindakaken jejibahan ritualipun piyambak piyambak.
Ananging minangka muslim muslimat mboten kepareng lajeng miderek ritual ibadah, ngagem atribut, utawi paring ucapan selamat. Panggah ing keyakinan tauhid kedah konjem ing manah, mboten goyah amargi pepaes sesrawungan saha muamalah, sedaya sampun wonten porsinipun piyambak piyambak, mboten kepareng dipun campur bawur. Paugeran saking pustaka suci al Quran ungelipun mekaten,
لَكُمۡ دِينُكُمۡ وَلِيَ دِينِ
Jawinipun “Kanggo sira agamamu, lan kanggoku agamaku.” (QS. Al-Kafirun: 6)
Mugi mugi Allah tansah paring sih nugraha hidayah saha rahmat, kula lan penjenengan tansah ing margi ingkang leres. Keyakinan ingkang tulus saha istiqomah ing tauhidullah, mekaten mugi manfaat.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ إِيْمَانًا لاَ يَرْتَدُّ، وَنَعِيْمًا لاَ يَنْفَدُ، وَمُرَافَقَةَ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ فِي أَعْلَى جَنَّةِ الْخُلْدِ
Jawinipun “Duh gusti Allah, estu kula sedaya menika tansah nyuwun dhumateng paduka mugi kula sedaya ing margi iman ingkang leres, nyuwun nikmat ingkang mboten telas, saha saged sareng kaliyan kanjeng nabi Muhammad r ing sak lebeting suwarga ingkang linangkung minulya sak lami laminipun. (HR Ahmad, Ibnu Hibban, Ath-Thabrani)
بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِي اْلقُرْاَنِ اْلعَظِيمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِاْلحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ الله ُمِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَهُ هُوَالسَّمِيْعُ اْلعَلِيْمِ
Khutbah Kaping Kalih
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ أَجْمَعِينْ.
فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، قَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَ آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَ آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ الدَّعَوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيننَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبۡحَٰنَ رَبِّكَ رَبِّ ٱلۡعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ. وَسَلَٰمٌ عَلَى ٱلۡمُرۡسَلِينَ. وَٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ رَبِّ ٱلۡعَٰلَمِينَ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَأَقِمِ الصَّلاَة
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp
Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini


