Khutbah Jawa : Waspada Saking Sifat Sombong
Khutbah Sepisan
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ, لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ. أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ, وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَمَّابَعْدُ: فَياَعِبَادَاللَّهِ اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى : وَإِذۡ قُلۡنَا لِلۡمَلَٰٓئِكَةِ ٱسۡجُدُواْ لِأٓدَمَ فَسَجَدُوٓاْ إِلَّآ إِبۡلِيسَ أَبَىٰ وَٱسۡتَكۡبَرَ وَكَانَ مِنَ ٱلۡكَٰفِرِينَ
Jamaah Jum’at Rahimakumullah,
Puji syukur tansah kula lan penjenengan sedaya konjuk ing ngarsa dalem Allah SWT. Shalawat saha salam semoga mugi tansah katur dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, lumeber dhumateng garwa putra, para sahabat, saha sedaya kaum muslimin wal muslimat ingkang tansah mituhu ing margi ingkang leres.
Minangka khatib kula ngajak diri pribadi sumrambah dhumateng sedaya jamaah mangga tansah ngupadi amrih mindk-ipun raos iman saha taqwa dhumateng Allah SWT, kanthi istiqomah nindak-aken sedaya dhawuh dhawuhipun saha nila sedaya awisanipun.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah,
Estu dipun dhawuhaken supados kula lan penjenengan sami tansah mendhet piwucal awit wontenipun kedadosan menapa kemawon.saweneh kisah ingkang sedaya sampun mafhum inggih menika prastawa rikala Iblis dipun bucal medal saking suwarga amargi sikap takabur utawi gumedhe. Sampun kaserat ing surat al baqarah mekaten,
وَإِذۡ قُلۡنَا لِلۡمَلَٰٓئِكَةِ ٱسۡجُدُواْ لِأٓدَمَ فَسَجَدُوٓاْ إِلَّآ إِبۡلِيسَ أَبَىٰ وَٱسۡتَكۡبَرَ وَكَانَ مِنَ ٱلۡكَٰفِرِينَ ٣٤
Jawinipun, lan eling elinga saka sira kabeh, rikala Ingsun paring dhawuh marang para Malaikat; “padha sujud-ta sira kabeh marang Adam” ! nuli kabeh malaikat padha sujud marang Adam kejaba Iblis. Dewek-e ngemohi uga gumedhe,lan deweke (iblis) iku kalebu golongane kang kafir (QS Al-Baqarah: 34)
Menapa tha takabur menika ? takabur kalebet saweneh saking tindak lampah dosa ingkang ageng, ingkang njalari mboten saged mlebet ing swarga. Kados rasulullah SAW sampun paring dhawuh mekaten,
لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ مَنْ كَانَ فِي قَلْبِهِ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ مِنْ كِبْرٍ قَالَ رَجُلٌ إِنَّ الرَّجُلَ يُحِبُّ أَنْ يَكُونَ ثَوْبُهُ حَسَنًا وَنَعْلُهُ حَسَنَةً؟ قَالَ إِنَّ اللَّهَ جَمِيلٌ يُحِبُّ الْجَمَالَ. الْكِبْرُ بَطَرُ الْحَقِّ وَغَمْطُ النَّاسِ
Saking hadits ing nginggil saged dipun mangertosi bilih gumedhe menika sanes tiyang ingkang ngadi sarira ngadi busana ingkang sae, ananging gumedhe inggih ngasoraken tiyang sanes saha mboten nampi perkawis ingkang leres. Kadosdene iblis ingkang sampun mbedal dhawuh nungkak krama mboten purun paring sujud pakormatan dhumateng Adam, amargi iblis rumaos langkung inggil drajat pangkatipun, rumaos langkung minulya menawi kabandingaken kalih Adam. Allah SWT paring dhawuh ing al Quran mekaten,
قَالَ مَا مَنَعَكَ أَلَّا تَسۡجُدَ إِذۡ أَمَرۡتُكَۖ قَالَ أَنَا۠ خَيۡرٞ مِّنۡهُ خَلَقۡتَنِي مِن نَّارٖ وَخَلَقۡتَهُۥ مِن طِينٖ ١٢
Jawinipun, Panjenengane (Allah) paring dhawuh, “Amarga apa sira ora gelem nglakoni dhawuh ingsun supaya kormat marang Adam ? iblis cedlathu “ aku luwih apik tinimbang deweke (Adam). Paduka sampun damel kula saking geni, damel Adam saking tanah.”(QS Al-A’raf:12)
Jamaah Jum’at Rahimakumullah,
Inti saking raos gumedhe inggih ngemohi perkawis ingkang leres, ngembe saha ngasoraken tiyang sanes. Pramila semanten ageng saha bebaya ingkang gegirisi saking sikap gumedhe, estu kedah ngatos-atos supados saged kalis saking sikap gumedhe kasebat. Saking menika sedaya hal hal saha menapa kemawon ingkang ing tembe saged nuwuhaken sikap gumedhe, kedah kula lan penjenengan tebihi. Kedah waspada amargi potensi gumedhe estu gampil tuwuhipun. Minangka kagem pangemut bilih potensi gumedhe menika saged kemawon tuwuh saking :
Sepisan, Ilmu. Tiyang ingkang kasinungan sih rahmat nugraha ngilmu, mestinipun tiyang kasebat tambah tawadlu amargi ngilmunipun. Ananging mboten sekedik tiyang ingkang kagungan sih nugraha ngilmu menika, lajeng malah gumedhe, ngemohi sedaya pengendikan tiyang sanes, ngaku leres piyambak, saha ngina dhateng tiyang sanes.
Kaping Kalih, Mas picis raja brana. Mas picis raja brana istu deaya menika minangka dados modal kagem ngibadah. Ananging menawi raja brana kasebat dipun cepeng tiyang ingkang mboten kagungan dasar dasar keislaman ingkang kiyat, estu bilih raja brana kasebat, damel tiyang lajeng gumedhe utawi sombong, ing tembe satemah namung angsal kapitunan saha keduwung.
Kaping Tiga, Jabatan. Jabatan menika amanah, menawi jejibahan menika dipun ayahi kanthi leres saha sae, estu badhe angsal kabegjan kamulyan saha pinwales ingkang kathah. Ananging menawi lajeng jabatan saha amanah kasebat dipun lirwak-aken mesthi kemawon badhe nemahi bendu saha kapitunan. Mekaten ugi menawi kanthi jabatan menika lajeng gumedhe estu ugi badhe nemahi asoring budi.
Kaping Sekawan, Keberhasilan/Kesuksesan. Piyantun ingkang pikantuk kesuksesan, menawi boten sadar saha semeleh bilih sedaya sukses menika saking ngrasa dalem Allah, estu badhe nuwuhaken raos ujub saha gumedhe.
Kaping Gangsal, Capaian ibadah. Para ahli ibadah kedah ngatos-atos, asring amargi ketaatan ing nindak-aken pengibadahan menika, lajeng tuwuh sikap ngembe tiyang sanes, ingkang dipun raos kirang anggenipun manembah dhumateng Allah. Pramila kula lan penjenengan sedaya kedah emut bilih sak derengipun Adam dipun ripta, Iblis menika kalebet ewonipun kawula ingkang taat saha ahli ibadah. Ananging amargi sikap gumedhe saha ngraos senior lajeng tuwuh raos sombong, pramila lajeng dipun bendu saha dipun laknat dening Allah SWT.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah,
Semanten agengipun konsekwensi dosa saking sifat takabur utawi gumedhe. Pramila kula lan penjenengan kedah kesdu meper saha ngupadi amrih sifat tawadlu’ ingkang ngrembaka. Kalih persifatan menika mboten mungkin saged badhe kempal ing setunggal wadah. Saweneh cara ingkang prasaja kagem nuwuhaken sifat tawadlu’, inggih sifat kasebat dipun dadosaken pakulinan ing madyaning gesang. kados imam Hasan Al Bashri sampun ngendika mekaten,
قال الحسن رحمه الله: هل تدرون ما التَّواضُعُ؟ التَّواضُعُ: أن تخرُجَ من منزلِك فلا تَلْقَ مُسلمًا إلَّا رأيتَ له عليك فضلًا
Jawinipun, Al Hasan Al Bashri paring atur , “apa sira kabeh ngerti apa iku tawadhu’? Tawadhu’ yaiku nalika sira metu seko ngomah nuli ketemu sewiji wong muslim, mbanjur sira ngrasa yen wong iki luwih apik lan minulya tinimang awaku..”
Wigatosing rembag menawi pinanggih tiyang sanes kedah tansah kagungan penggalih bilih tiyang kasebat langkung sae. Ing akhiripun mangga tansah nyenyuwun dhumateng Allah SWT, mugi kula lan penjenengan sedaya kalebet ewonipun tiyang ingkang iman saha taqwa dhumateng Allah, SWT.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ. فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kaping Kalih
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ، وَاْلعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلَّا عَلىَ الظَّالِمِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهاَالْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهم صَلِّ وَسَلّمْ عَلٰى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللهم انْصُرِ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ وَالْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ فِلِسْطِيْنَ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبِّ ٱجۡعَلۡنِي مُقِيمَ ٱلصَّلَوٰةِ وَمِن ذُرِّيَّتِيۚ رَبَّنَا وَتَقَبَّلۡ دُعَآءِ. رَبَّنَا ٱغۡفِرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيَّ وَلِلۡمُؤۡمِنِينَ يَوۡمَ يَقُومُ ٱلۡحِسَابُ . رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
Dening : Ustadz Samsumuin Harahap, MM
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp
Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini


