Dosa Ageng: Duraka Dhumateng Tiyang Sepuh
Khutbah Sepisan
إِنَّ الْحَمْدَ لله نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيْئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحِسَانِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
أَمَّا بَعْد, فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آَمَنُو اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَا تِهِ وَلاَ تَمُو تُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. وَقَالَ تَعَالَى : وَوَصَّيۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ بِوَٰلِدَيۡهِ حَمَلَتۡهُ أُمُّهُۥ وَهۡنًا عَلَىٰ وَهۡنٖ وَفِصَٰلُهُۥ فِي عَامَيۡنِ أَنِ ٱشۡكُرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيۡكَ إِلَيَّ ٱلۡمَصِيرُ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Alhamdulillah, sedaya puji mligi dhumateng Allah, Rabb semesta alam, ingkang tansah paring rahmat, barakah lan hidayah sahingga kita taksih saget nindakaken dhawuhipun Allah, ngleksanaaken ibadah Jum’at ing saat menika.
Shalawat saha salam tansah katur dhumateng Nabi Muhammad SAW, keluarga, sahabat, saha sedaya umat islam ingkang ngegesang sunnah sunnah-ipun ngantos akhir zaman. Kanthi piwucal agami Islam menika kanjeng Nabi SAW sampun paring pitedah ing kita saget uwal saking pepetenging gesang tumuju dhateng sumunaring cahyo ingkang padhang njingglang.
Sederek sederek ingkang ingkang dipun rahmati Allah, kaleres wontening wekdal jumah ingkang berkah menika, mangga tansah mbudidaya amrih mindak-ipun raos iman saha taqwa dhumateng Allah SWT. Tansah mbudidaya amrih dados ewonipun kawula ingkang njagi sesambetan dhumateng Allah, dhumateng sesami, linangkung sesambetan saha ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Lumantar khutbah menika, kula caos pemut dhumateng diri pribadi sumrambah dhumateng sedaya jamaah, monggo sami nebihi saking tumindak dedosan ageng inggih duraka dhumateng tiyang sepuh kekalih. Amargi duraka dhumateng tiyang sepuh kekalih menika mboten namung kalebet dosa ageng ananging ugi dipun bendoni dening Allah saha Rasul-ipun. Allah sampun paring dhawuh ing sak lebeting Al-Qur’an kanthi jelas, bilih duraka dhumateng tiyang sepuh kekalih, saged ndadosaken saweneh tiyang ingkang kapitunan saha risak ing ngalam donya ngantos ing akhirat. Allah SWT sampun paring dhawuh ingkang kaserat ing suratLuqmanayat 14 mekaten,
وَوَصَّيۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ بِوَٰلِدَيۡهِ حَمَلَتۡهُ أُمُّهُۥ وَهۡنًا عَلَىٰ وَهۡنٖ وَفِصَٰلُهُۥ فِي عَامَيۡنِ أَنِ ٱشۡكُرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيۡكَ إِلَيَّ ٱلۡمَصِيرُ
Jawinipun : “Lan Ingsun Allah paring dhawuh marang kabeh menungsa supaya padha ngabekti marang bapa biyunge. Ibune wus kanthi kahanan kang rekasa, uga tambah rekasa, lan nyapih anake rikala wes umur rong tahun. Mula padha syukur sira kabeh ing Ingsun, lan marang wong tua sak kloron, hamung marang Ingsun sira kabeh padha bali.” (QS. Luqman :14)
Ayat menika paring piwucal semanten agengipun hak tiyang sepuh dhateng putra putrinipun. Ibu ingkang ngandut,nglairaken saha paringASI, estu sedaya menika perkawis ingkang linangkung awrat, Bapak ingkang ngreko daya pados pangupa jiwa kangge nyekapi kabetahan kita. Tiyang sepuh kekalih meniko kagungan jasa ingkang ageng tumrapipun gesang kita.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Semanten agengipun bebanten tiyang sepuh kekalihlinangukung pengorbananipun ibu satemah Allah SWT paring piwucal wonten ing Al Qur’an surat Al-Ahqaf ayat 15:
وَوَصَّيۡنَا ٱلۡإِنسَٰنَ بِوَٰلِدَيۡهِ إِحۡسَٰنًاۖ حَمَلَتۡهُ أُمُّهُۥ كُرۡهٗا وَوَضَعَتۡهُ كُرۡهٗاۖ وَحَمۡلُهُۥ وَفِصَٰلُهُۥ ثَلَٰثُونَ شَهۡرًاۚ حَتَّىٰٓ إِذَا بَلَغَ أَشُدَّهُۥ وَبَلَغَ أَرۡبَعِينَ سَنَةٗ قَالَ رَبِّ أَوۡزِعۡنِيٓ أَنۡ أَشۡكُرَ نِعۡمَتَكَ ٱلَّتِيٓ أَنۡعَمۡتَ عَلَيَّ وَعَلَىٰ وَٰلِدَيَّ وَأَنۡ أَعۡمَلَ صَٰلِحٗا تَرۡضَىٰهُ وَأَصۡلِحۡ لِي فِي ذُرِّيَّتِيٓۖ إِنِّي تُبۡتُ إِلَيۡكَ وَإِنِّي مِنَ ٱلۡمُسۡلِمِينَ
Ingkang Jawinipun :“ingsun dhawuh marang kabeh manungsa supaya gawe becik marang wong tuwane, biyunge wus ngandut kanthi susah payah, lan ngelairke hiya kanthi susah payah (uga). Lehe ngandut tekan nyapih-e udakara 30 (telung puluh) sasi,mula arikalane deweke wus dewasa lan umure wus ngancik 40(patang puluh) tahun, nuli deweke donga marang Allah :”duh gusti Allah, mugi paduka paring pitedah supados kula saged syukur nikmat, ingkangsampun paduka paring-akendateng kula, saha dhumateng bapa biyung kula, (ugi kula nyuwun) supados kula saged damel amal shalih, amal shalih ingkang paduka ridlo, (ya Allah kula ugi nyuwun) sih nugraha kawelasan kesaenan ing anak turun kula, estu kula inggih taubat dumateng paduka, lan mugi kula tansah kalebet kawula paduka ingkang tansah pasrah”. (QS. Al-Ahqaf : 15)
Kanthi menika sampun kedahipun menawi kula lan penjenengan sedaya menika ngabekti dhumateng tiyang sepuh sampun ngantos mbedal dhawuh saha duraka dhumateng tiyang sepuh kekalih. Allah SWT sampun maringi drajat ingkang inggil dhumateng tiyang sepuh kekalih, pramila ridlonipun Allah gumantung ing ridlonipun tiyang sepuh kekalih. Kanjeng Nabi Muhammad SAW sampun paring dhawuh mekaten,
رِضَا اَللهِ فِي رِضَا اَلْوَالِدَيْنِ, وَسَخَطُ اَللَّهِ فِي سَخَطِ اَلْوَالِدَيْنِ
Jawinipun“Ridha Allah iku (gumantung) ridha-ne rama lan ibu semana uga bendu-nipun Allah, (gumantung) bendu-nipun bapa lan biyunge” (HR Tirmidzi)
Bab menika nedah-aken bilih sesambetan kula lan penjenengan sedaya dhumateng tiyang sepuh kekalih, estu dados ukuran sesambetan kula lan penjenengan sedaya dhumateng Allah SWT. Menawi kesdu pikantuk ridla saking Allah, purun mboten purun, kedah ngabekti saha kurmat dhumateng tiyang sepuh kekalih.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kalebet Duraka dhumateng tiyang sepuh kekalih menika saged ugi saking tatacara atur, tumindak, sikap solah bawa ingkang mboten hormat dhumateng tiyang sepuh kekalih.Sakadar lisan ngucap “ah” ingkang ateges ngemu suraos wegah, menika sampun kalebet duraka, menapa malih ngantos guneman ingkang kasar, sora saha mbentak mbentak estu menika sampun kalebet duraka dhumateng tiyang sepuh kekalih. Pramila duraka dhateng tiyang sepuh kekalih menika kalebet tumindak ingkang awon saha damel kapitunan. Kanjeng Nabi SAW sampun paring pangemut mekaten,
أَكْبَرُ الْكَبَائِرِ الْإِشْرَاكُ بِاللَّهِ وَقَتْلُ النَّفْسِ وَعُقُوقُ الْوَالِدَيْنِ وَقَوْلُ الزُّورِ أَوْ قَالَ وَشَهَادَةُ الزُّورِ
Jawinipun: “Dosa-dosa gedhe kang paling gedhe yaiku: syirik marang Allah, mateni manungso, duraka marangwongtuwa, goroh lan sumpah palsu” (HR. Bukhari).
Wondene ing hadits sanes kanjeng Nabi SAW sampun paring dhawuh mekaten,:
كُلُّ ذُنُوبٍ يُؤَخِّرُ اللَّهُ مِنْهَا مَا شَاءَ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ، إِلاَّ الْبَغْيَ، وَعُقُوقَ الْوَالِدَيْنِ، أَوْ قَطِيعَةَ الرَّحِمِ، يُعَجِّلُ لِصَاحِبِهَا فِي الدُّنْيَا قَبْلَ الْمَوْتِ.
Jawinipun: “Saben saben dosa, Allah bakal nangguh-ake kapan anggone matrapake paukuman selaras karo kapan tumekane dina qiyamat, kejaba duraka marang wong tuwa lan medhot hubungan silaturrahim. Sak temene kanggo wong iku bakal cepet nampa paukuman (sak durunge dina kiyamat) (HR Bukhari)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kula lan penjenengan sedaya estu gadah penggayuh supados saged gesang kanthi keberkahan saha pikantuk kabegjan kamulyan ing donya ngantos ing akhirat samangke. Pramila saweneh kagem mbikak korining kabegjan kamulyan saha keberkahan gesang, inggih menika tansah ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih, menawi taksih sugeng mangga dipun rimat kanthi sak sae saenipun, menawi sampun surut mangga dipun dongak-aken kanthi tulus. Minangka putra wayah kedah saged mikul dhuwur mandhem jero. Mekaten mugi manfaat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَاسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kaping kalih
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ, اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Mangga kula lan penjenengan sedaya muhasabah/mawas diri, menapa kula lan penjenengan sedaya sampun ngabekti kanthi tulusing manah dhumateng tiyang sepuh kekalih? sampun ngantos kula lan penjenegan sedaya ing madyaning dedosan amargi mboten ngabekti dhumateng tiyang sepuh. Duraka dhateng tiyang sepuh estu kalebet dosa ageng, dados dedalan icalipun ngamal kesaenan, kepara samangke wonten ing akhirat badhe kepatrapan paseksan ingkang nggegirisi.
Mugi gusti Allah tansah paring hidayah saha taufik, kula lan penjenengan tansah saged ngabekti dhumateng tiyang sepuh kekalih.
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا .اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللهم أَعِزَّ الإِسْلامَ وَالمُسْلِمِينَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِينَ، وَدَمِّرْ أَعْدآءَ الدِّينِ، اللهم انْصُرِ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ وَالْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ فِلِسْطِيْنَ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ، رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
Dening : Ustadz joko.
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp
Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini


