Khutbah JAWA : Ngupadi Bagusing Kualitas Shalat
Khutbah Sepisan
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ, لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ. أَشْــهَدُ أَنْ لاَ اِلهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِ يْكَ لَهُ, وَاَشْــهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَنَبِيَّ بَعْدَهُ. اَللَّهـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَ عَلَى الِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اَمَّابَعْدُ: فَياَعِبَادَاللَّهِ اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى : وَاسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِۚ وَإِنَّهَا لَكَبِيرَةٌ إِلَّا عَلَى الْخَاشِعِينَ
Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Ingkang sepisan mangga kula lan penjenengan sedaya sami ngaturaken raos syukur dhumateng Allah SWT, shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Nabi Muhammad SAW, lumberdhateng garwa putra, para sahabat, tabin, tabiit tabiin, saha sedaya umat islam ingkang tansah nggegesang sunnah sunnahipun. Mboten kesupen mangga tansah mbudidaya amrih mindak-ipun raos taqwa dhumateng Allah SWT.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Sedaya sampun mafhum bilih shalat menika minangka jejibahan kagem sedaya muslim muslimat, kalebet ugi bilih shalat menika kebetahan tetedan ruhani. Kepara kathah pamanggih saking para winasis bilih shalat menika sarana ingkang linangkung wigatos kagem sesambetan dhumateng Allah SWT. Jejibahan ingkang linangku ng wigatos kados Nabi Muhammad SAW sampun paring dhawuh mekaten,
رَأْسُ الأَمْرِ الإِسْلاَمُ وَعَمُودُهُ الصَّلاَةُ وَذِرْوَةُ سَنَامِهِ الْجِهَادُ
Jawinipun,“Pokok perkara ing Islam iku, cagake hiyo shalat, lan perkara dhuwur dewe yaiku jihad” (HR. Tirmidzi).
Shalat menika saka-nipun agami, menawi shalat menika dipun tindak-aken kanthi sae, ateges tiyang kasebat sampung njumenengaken agami, ksosok wangsulipun menawi shalat menika mboten dipun tindak-aken, ateges sampun ngrisak saha ngrubuhaken agami. Kepara wonten setunggal ayat di aturaken bilih rikala tiyang menika nemahi gesang lan panggesangan ingkang nembe nampi pacoben, supados tiyang kasebat lajeng dedepe dhumateng Allah kanthi sabar saha shalat. Ing QS Al Baqarah 45 kaserat mekaten,
وَاسْتَعِينُوا بِالصَّبْرِ وَالصَّلَاةِ
Jawinipun, padha nyuwun tulung sira kabeh kanthi sabar lan shalat.
Shalat ugi dados tetenger saha mbenten-aken tiyang menika mukmin menapa kafir. Amargi tiyang ingkang kersa nindak-aken shalat, ateges ugi bilih tiyang kasebat sampun kagungan keyakinan ingkang estu estu bilih mboten wonten pengeran ingkang haq dipun sembah kejawi namung Allah SWT. Pramila menawi wonten tiyang ingkang mboten nindak-aken shalat utawi sampun shalat ananging ugi tasih manembah dhateng sak lintunipun Allah, ateges tiyang kasebat dipun wastani kafir, lan syirik. ing hadits Rasulullah SAW ngendika mekaten
بَيْنَ الرَّجُلِ وَبَيْنَ الشِّرْكِ وَالْكُفْرِ تَرْكَ الصَّلَاةِ
Jawinipun, bedane wong kang (muslim) karo syirik lan kafir iku ninggalke shalat.‘(HR Muslim)
Mboten namung menika, dipun aturaken bilih shalat menika ugi dados perkawis penentu, tiyang badhe angsal rahmat kawilujengan menapa mboten rikala mbenjang ing akhirat. Menawi shalatipun sae, fainsyaallah sedaya amalan ugi badhe sae (dipun tampi), kosok wangsulipun menawi shalat-itun awon, mekaten ugi amalan sanesipun kaetang awon utawi (mboten dipun tampi)
إنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ العَبْدُ يَوْمَ القِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلاَتُهُ …
Jawinipun, Sak temene sepisanan kang bakal dihisab besok ing dina qiyamat seko sewiji wong yaiku shalate. (HR Tirmidzi lan An-Nasa’i).
Pramila shalat menika estu setunggal perkawis utawi jejibahan wigatos, kepara dados tolok ukur, tiyang badhe beja mulya menapa sangsara ing akhirat samangke.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Sinaosa mekaten bilih lampah nindak-aken shalat menika mboten namung dipun ukur kuantitas saha dipuntindak-aken asal gugur jejibahan, ananging kualitas saha labetipun menika ingkang ugi dados ukuranipun. Ing QS al Mukminun dipun sebataken bilih sinten tha tiyang ingkang angsal kabegjan kamulyan kawilujengan menika ? kasunyatan bilih Allah kagungan ukuran ing pasti, inggih menika ingkang shalat kanthi khusyu’.
قَدْ أَفْلَحَ الْمُؤْمِنُونَ. الَّذِينَ هُمْ فِي صَلَاتِهِمْ خَاشِعُونَ
Jawinipun, temen beja wong wong kang padha iman. (yaiku) wong akeh kang padha khusyu’ ing shalate (QS Al Mukminun :1-2)
Perkawis menika ngemu suraos bilih gusti Allah tansah badhe paring kawigatosan, pundi kawula ingkang nindak-aken shalat kanthi khusyu’, saha pundi ingkang nindak-aken namung asal gugur kewajiban.
Kathah pemanggih bilih shalat ingkang khusyu’ menika menawi fashih waosanipun, ing suasana ingkang ayom ayem tenang, mboten wonten hal hal ingkang ngreridu, manther ing waosan saha maknanipun. Saged ugi kanthi menika saged khusyu’. Pramila Ing sak lajeng-ipun ayat 45 saking surat Al Baqarah kaserat mekaten,
وَإِنَّهَا لَكَبِيرَةٌ إِلَّا عَلَى الْخَاشِعِينَ
Jawinipun, lan sak temene kang mengkono mengkono iku banget abote, kejaba kanggone wong wong padha khusyu’, (Qs. Al Baqarah 45)
Menika kagungan makna bilih nyenyuwun dhumateng Allah kanthi sabar saha nindak-aken shalat niku pancen awrat, kejawi tiyang tiyang ingkang khusyu’ ing shalatipun. Nuli dipun lajengaken ayat mekaten
الَّذِينَ يَظُنُّونَ أَنَّهُم مُّلَاقُو رَبِّهِمْ وَأَنَّهُمْ إِلَيْهِ
Jawinipun,(yaiku) wong wong kang ngeyakini, (yentha) deweke wong akeh iku bakal nemoni pengerane, lan deweke ( wong akeh iku yakin) bakal bali marang Allah (Qs. Al Baqarah 46)
Pengertosan khusyu’ ing ayat menika dipun dijumbuh-aken kalih keyakinan/kapitadosan bilih samangke mesthi badhe panggih dhumateng Allah, ateges ugi mesthi wangsul dhumateng Allah. Kanthi mekaten rikala tiyang menika nindak-aken shalat estu kraos parek dhumateng Allah, saha yakin bilih samangke ugi badhe wangsul wonten pangayunan Allah.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah
Shalat ingkang dipun tindak-aken kanthi khusyu’ samangke ugi badhe ketingal ing tindak lampah saha sesambetan ing madyaning masyarakat. Kaserat ing QS al Ankabut 45 mekaten,
اتْلُ مَا أُوحِيَ إِلَيْكَ مِنَ الْكِتَابِ وَأَقِمِ الصَّلَاةَ ۖ إِنَّ الصَّلَاةَ تَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ ۗ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ
Jawinipun, wacanen apa apa kang Allah wes paring wahyu marang sira, yaiku Al Kitab (Al Quran) lan ngedek-na shalat. Sak temene shalat iku bisa nyegah seko (penggawe penggawe) jember lan mbalela. lan sak temene eling marang Allah (shalat) iku luwih gedhe (luwih utama tinimbang ibadat-ibadat kang liyane). lan Allah maha pirsa apa wae kang sira lakoni.
Tindak lampah tiyang ing madyaning gesang saha panggesangan menika, saged dipun ukur mawi shalat ingkang dipun tindak-aken. Menawi tiyang kasebat tindak lampahipun ing gesang menika tansah nalisir saking paugeran, temtu kemawon mboten badhe saged nindak-aken shalat kanthi khusyu’. Amargi shalat ingkang sae inggih shalat ingkang saged nebihi saha uwal saking lampah jember, nistha saha munkar.
Jamaah jumah rohimakumullah
Mekaten ingkang sekedik menika mugi dados pepadhang, kula lan penjenengan sedaya mugi tansah angsal ridhonipun, aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِى هَذا اَسْتَغْفِرُ اللهَ لِى وَلَكُمْ وَ لِسَاءِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيمُ
Khutbah Kaping Kalih
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَنْزَلَ عَلَى عَبْدِهِ الْكِتَابَ وَلَمْ يَجْعَلْ لَهُ عِوَجًا. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، الْمَلِكُ اْلحَقُّ اْلُمبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اْلَمبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالمِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهاَالْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهم صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اَلِه وَ سَائِرِ الصَّحَابَةِ وَ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللهم أَصْلِحْ لَنَا دِينَنَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبِّ ٱجۡعَلۡنِي مُقِيمَ ٱلصَّلَوٰةِ وَمِن ذُرِّيَّتِيۚ رَبَّنَا وَتَقَبَّلۡ دُعَآءِ. رَبَّنَا ٱغۡفِرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيَّ وَلِلۡمُؤۡمِنِينَ يَوۡمَ يَقُومُ ٱلۡحِسَابُ . رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
Dening : Ustadz Drs. H. Imron Rosyid
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp
Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini


