Khutbah Jum’at JAWA : Tawakkal Dhumateng Allah
Khutbah Sepisan
الْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللّٰهُ فَلَامُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ – اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ – وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ – اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَاعِيْنَ.
اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ إِتَّقُوْا اللّٰهَ حّقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِى الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. يَا أَيُّهَا اللَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ وَقُوْلُوْا قَوْلًا سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
Jamaah Jum’at ingkang minulya
Puji syukur tansah kula lan penjenengan sedaya konjuk ing ngarsa dalem Allah SWT. Shalawat saha salam tansah katur dhumateng baginda Rasulullah Muhammad SAW. Jamaah ingkang minulya mangga kula lan penjenengan sedaya tansah ngupadi amrih mindak-ipun raos iman saha taqwa dhumateng Allah, nun injih kanthi nindak-aken sedaya dhawuh saha nilar sedaya perkawis ingkang dipun awisi.
Jamaah Jum’at ingkang minulya
Menapa tha ingkang dipun maksud tawakal menika? Tawakkal inggih pasrah bongkok-an sedaya mukawis dhumateng Allah SWT, dzat ingkang mengatur sedaya perkawis tek kliwer ing ngalam menika. Ewa semanten Tawakal mboten namung kedal saking lathi kemawon, ananging kedah tuwuh saking raos ing manah, inggih pasrah bongkokan sak sampunipun ikhtiar kanthi maksimal saha kanthi sedaya maneka warni cara. Pramila ing madyaning masyarakat asring wonten pemanggih ingkang klentu saha salah kaprah, ing bab tawakkal menika. Sing penting sampun pasrah saha tawakkal ananing dereng nglampahi ikhtiar, lha menika ingkang dipun wastani tawakal ingkang klentu alamat, amargi namung lajeng pasrah mboten purun ikhtiar.
Pasrah utawi (tawakkal) dhumateng Allah SWT menika kalebet jejibahan ingkang estu wigatos ing piwucal agami Islam. pramila jumbuh kalih pangertosan tawakkal menika, wonten hal hal ingkang wigatos antawisipun:
Sepisan: tawakkal dhumateng Allah SWT kanthi mutlak inggih saweneh saking aqidah tiyang tiyang ingkang iman. Perkawis menika kados ingkang sampun kaserat ing QS Al Ma’idah : 23 saha At Taghabun : 13
وَعَلَى اللّٰهِ فَتَوَكَّلُوْٓا اِنْ كُنْتُمْ مُّؤْمِنِيْنَ
Jawinipun, padha tawakall-a sira kabeh marang Allah, yentha sira kabeh minangka wong wong kang padha mukmin (QS Al Ma’idah: 23)
اَللّٰهُ لَآ اِلٰهَ اِلَّا هُوَۗ وَعَلَى اللّٰهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُوْنَ
Jawinipun, (Panjenengane) Allah. Ora ana pengeran kejaba panjenengane, (namung) dhumateng Allah sak joga wong wong kang iman iku padhaTawakkal (QS At-Taghabun : 13)
Kaping Kalih: Kagem tiyang muslim tawakal menika inggih amalan saha harapan. inggih amalan saha harapan ingkang tuwuh saking manah, kanthi lelandhesan kapitadosan ingkang kiat, bilih sedaya menapa kemawon, ing ngarsa dalem Allah SWT saged maujud, ugi saged mboten badhe maujud. Pramila raos ihlash saha yakin bilih gusti Allah mboten mungkin badhe dhalim dhateng kawulanipun. Ugi yakin bilih amalan sae menapa dene awon, sedaya wonten piwalesipun.
Jamaah Jum’at ingkang minulya
Kaping tiga: Rikala tiyangmukmin ngaturaken wajib sandaran ing awak pribadi ing madyaning ngayahi jejibahan saha ikhtiar, temtu kemawon benten kalih tiyang ingkang gesangipun mboten mawi paugeran, kepara remen damel penggawe maksiyat. Kagem tiyang mukmin bilih sak sampunipun ikhtiar saha nindakaken kanthi estu estu, nembe pasrah dhumaten Allah SWT.
Menika estu benten kalih tiyang ingkang mboten pitados kalih pengeran saha remen maksiyat, estu bilih pikantuk sedaya sukses saha kabegjan menika amargi namung usahanipun piyambak. Mboten wonten urusan kalih pengeran.
Kagem tiyang mukmin, bilih pasrah dhumateng Allah estu sak sampunipun ikhtiar kanthi maksimal/ estu estu, saha tuwuh kesadaran bilih menapa kemawon hasil menika estu wonten sesambetan kalih taqdir utawi pepesthen saking ngarsa dalem Allah SWT.
وَّقَالُوْا حَسْبُنَا اللّٰهُ وَنِعْمَ الْوَكِيْلُ
Jawinipun, wes cukup gusti Allah (minangka dadi penolong) ing aku kabeh lan panjenengane sak apik apike dzat ingkang paring pangayoman (QS Ali Imran : 173)
Kaping sekawan : tiyang ingkang tawakkal dhumateng Allah SWT badhe dipun paringi sih nugraha rezeki saking ngarsa dalem Allah SWT. Kados kanjeng Rasulullah Muhammad SAW sampun paring dhawuh mekaten.
لَو أَنَّكُمْ تَوكَّلُوْنَ عَلَى اللهِ حَقَّ تَوَكُّلِهِ لَرَزَقَكُمْ كَمَا يَرزُقُ الطَّيرَ ، تَغدُو خِماصاً ، وتَروحُ بِطَاناً
Jawinipun,; yentha sira kabeh padha tawakal marang gusti Allah SWT kanthi sak tenan-tenane tawakal, mula sira bakal diparingi sih nugraha rizqi, kaya dene manuk kang diwenehi rizqi mangkat esok wetenge isih kothong, bali mulih ing wayah sore wetenge wes kebak isi. (HR At-Tirmiddzi)
Jamaah Jum’at ingkang minulya
Mekaten khutbah ingkang sekedik menika, mugi saged nambawi wawasan saha piwucal ing babagan pangertosan tawakkal dhumateng Allah SWT. Kanthi pangajab ugi mugi gusti Allah tansah paring sih wilasa saha pitulungan-ipun, kula lan penjenengan sedaya dipun lebetaken dados ewonipun kawula kawula ingkang tansah tawakkal dhumateng Allah SWT, Aamiin .
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah Kaping Kalih
الْحَمْدُ لِلَّهِ وَكَفَى، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ رَسُولِهِ الْـمُصْطَفَى، وَعَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، الْمَلِكُ اْلحَقُّ اْلُمبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اْلَمبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالمِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهاَالْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهم صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اَلِه وَ سَائِرِ الصَّحَابَةِ وَ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللهم أَصْلِحْ لَنَا دِينَنَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبِّ ٱجۡعَلۡنِي مُقِيمَ ٱلصَّلَوٰةِ وَمِن ذُرِّيَّتِيۚ رَبَّنَا وَتَقَبَّلۡ دُعَآءِ. رَبَّنَا ٱغۡفِرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيَّ وَلِلۡمُؤۡمِنِينَ يَوۡمَ يَقُومُ ٱلۡحِسَابُ . رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
Oleh : Ustadz H.M. Burhanudin Kholis, S.Pt
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp
Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini


