Berita

Shalat Pikantuk Kabegjan Kamulyan saha Tentrem

Shalat inggih posisi Inggil kagem Pikantuk Kabegjan Kamulyan saha Tentrem ing Manah

Khutbah Sepisan

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ, لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ،  وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ

فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: وَٱسۡتَعِينُواْ بِٱلصَّبۡرِ وَٱلصَّلَوٰةِۚ وَإِنَّهَا لَكَبِيرَةٌ إِلَّا عَلَى ٱلۡخَٰشِعِينَ 

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Alhamdulillah, Mangga kula lan penjenengan sedaya sami ngaturaken puji syukur wonten Ngarsa Dalem Allah SWT, ingkang sampun maringi sih nugraha nikmat Iman saha islam. mugi sih nugraha kasebat tansah konjem ing manah, saha istiqomah ing sak lebeting ngrukebi agami islam dumugi puputing yuswa.

Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, lumeber dhateng  keluarga, sahabat, tabiin, tabiit tabiin, saha kaum muslimin wal muslimat ingkang tansah nggegesang sunnah sunnahipun.

Kejawi menika mangga tansah mbudidaya amrih mindakipun raos Iman saha taqwa dhumateng Allah SWT.  Kanthi tansah njagi kualitas iman saha takwa fa insyaallah badhe tansah pikantuk margi gampil kangge uwal saking pacobaning gesang lan panggesangan.

وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْراً ﴿٤﴾

Jawinipun,“lan sapa wae kang takwa marang Allah, mesthi gusti Allah bakal maringi kanggo deweke dalan gampang ing saben saben perkarane.” (Qs. At Thalaq: 4)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

        Ing sak lebeting pranatan agami Islam, shalat menika kalebet perkawis ingkang linangkung wigatos, Shalat gangsal wekdal menika hukumipun wajib, kalebet saweneh saking rukun islam lima, pramila dados  parameter adeging agami, Rasulullah SAW sampun ngendika,

بُنِيَ الإسْلاَمُ عَلَى خَمْسٍ : شَهَادَةِ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ وَإِقَامِ الصَّلاَةِ وَإِيْتَاءِ الزَّكَاةِ, وَحَجِّ الْبَيْتِ, وَصَوْمِ رَمَضَانَ.

Jawinipun, Islam iku dibangun ing atase lima fondasi, hanyekseni ora ana pengeran kejaba Allah, Muhammad iku utusane Allah, ngedek-ake shalat, weweh zakat, nglakoni ibadah haji, lan pasa ing sasi Ramadhan”. [HR Bukhari dan Muslim].

        Kula lan penjenengan sampun mafhum bilih sedaya wahyu menika tumurun miyos malaikat Jibril, ananging khusus dhawuh shalat menika, tumurun langsung dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW rikala israk lan mi’raj. Perkawis menika ngemu suraos saha piwucal bilih nindakaken jejibahan ngibadah shalat menika wajib saha estu wigatos.

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Kagem muslimin wal muslimat, shalat menika mboten namung jejibahan ingkang dipun tindak-aken asal gugur kewajiban, ananging jejibahan menika dipun tindak-aken kanthi sedaya jiwa raganipun. Satemah tuwuh kesadaran, kraos nikmat, ing manah damel ayom ayem tentrem, raos bahagia, lajeng tuwuh simpul  bilih ngibadah shalat menika estu estu kabetahan asasi saking kawula. Pramila wonten ing nindakaken jejibahan shalat menika badhe manggihi raos bahagia saha ketenangan jiwa, antawisipun inggih amargi, 

Sepisan, Shalat minangka lampah supados saged sesambetan dhumateng Allah, kalebet samangke badhe tuwuh raos nikmat rikala munajat dhumateng Allah. Kanthi shalat, tiyang badhe saged ngraosaken hadiripun sih tresna saking Allah SWT, satemah tuwuh raos kedamaian saha ketenangan batos. Saking menika tiyang ingkang salat kanthi khusyuk, Allah SWT badhe paring sih nugraha kabegjan saha kamulyan, ing ngalam donya ugi ing akhirat.

قَدْ أَفْلَحَ الْمُؤْمِنُونَ ﴿١﴾ الَّذِينَ هُمْ فِي صَلَاتِهِمْ خَاشِعُونَ ﴿٢﴾

Jawinipun “Sak temene beja banget tumrap wong wong kang padha iman, (yaiku) wong wong kang khusyuk ing shalate,” (Qs. Al Muminun: 1-2)

Kaping Kalih, shalat minangka dados sarana kagem ngumawula saha pasrah bongkok-an dhumateng Allah SWT. Ing sak lebeting shalat sedaya kawula sami nindak-aken shalat kanthi jiwa raga saha ngraos apes saha asor dhumateng Allah SWT. Sedaya dipun tindakaken amargi emut bilih jejibahan asasi manungsa inggih menika

وَمَا خَلَقۡتُ ٱلۡجِنَّ وَٱلۡإِنسَ إِلَّا لِيَعۡبُدُونِ  ٥٦

Jawinipun, lan Ingsun (Allah) ora nitah-ake Jin lan menungsa kejaba supaya deweke padha manembah marang ingsun.(QS Adz Dzariyat : 56)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Kaping tiga, Shalat inggih sarana kagem tazkitaun nafs saha ngicali dosa dosa ingkang nate dipun tindak-aken. Rasulullah SAW paring dhawuh mekaten,

أَرَأَيْتُمْ لو أَنَّ نَهْرًا بِبَابِ أَحَدِكُمْ يَغْتَسِلُ منه كُلَّ يَوْمٍ خَمْسَ مَرَّاتٍ، هَلْ يَبْقَى مِنْ دَرَنِهِ. شَيْءٌ؟» قالوا: لا يَبْقَى مِنْ دَرَنِهِ شَيْءٌ، قال: «فَذَلِكَ مَثَلُ الصَّلَوَاتِ الخَمْسِ يَمْحُو اللهُ بِهِنَّ الخَطَايَا

Jawinipun, kepiye pendapatmu kabeh ing babagan ngene iki, sak umpama ana kali ing sak ngarepe lawang seko sira kabeh, nuli saben deweke ados ing kali iku mau sedina ping lima, apa isih ana kotoran kang nempel ing awake ? para sahabat padha njawab, mboten badhe wonten sekedik kemawon kotoran ingkang taksih nemplek. Nabi SAW lajeng paring dhawuh : yoiku kabeh gegambarane shalat limang waktu, kanthi shalat iku gusti Allah bakal nglebur pira pira dosa.” (HR. Bukhari dan Muslim)

Ing sak lebeting hadits sanes Rasulullah SAW sampun ngendika mekaten,

الصَّلَواتُ الْخَمْسُ وَالْجُمْعَةُ إِلَى الْجُمْعَةِ كَفَّارَةٌ لِمَا بَيْنَهُنَّ مَا لَمْ تُغْشَ الْكَبَائِرُ. وَرَمَضَانُ إِلَى رَمَضَانَ مُكَفِّرَاتٌ مَا بَيْنَهُنَّ إِذَا اجْتَنَبَ الْكَبَائِرَ

jawinipun“Shalat limang wektu lan Jumat tumuju Jumat sak pemburine iku bakal nglebur dosa-dosa kang ana ing antarane (jemuah tekan jemuah) (kejaba) nglakoni dosa gedhe. lan semono uga Ramadhan tekan Ramadhan sak pemburine iku uga nglebur dosa-dosa kang ana ing antarane (ramdhan tekan romadlon) meneh. (kejaba) nglakoni dosa kang gedhe.’” (HR. Muslim)

        Kaping sekawan, Shalat menika saged damel kiat saha nambah semangat gesang. Shalat inggih wekdal rikala sesambetan saha dialog dhumateng Allah SWT. Pramila menawi jejibahan menika katindak-aken kanthinemen, estu samangke badhe tuwuh raos nikmat, tenang ing batos saha bahagia. Sedaya kenikmatan ingkang linangkung menawi namung dipun bandinga-ken kalih materi duniawi. Shalat minangka penolong ingkang mboten nate jeleh, sangu ingkang mboten nate telas, paring panjurung kanthi kekiyatan enggal, kunci ketenangan, ugi ingkang badhe paring begja mulya saka kacekapan. Allah SWT sampun dhawuh,

وَٱسۡتَعِينُواْ بِٱلصَّبۡرِ وَٱلصَّلَوٰةِۚ وَإِنَّهَا لَكَبِيرَةٌ إِلَّا عَلَى ٱلۡخَٰشِعِينَ  ٤٥

Jawinipun, (gawenen) sabar lan shalat iku minangka penolongmu. lan sak tenene kang mengkono mengkono iku perkara kang abot, kejaba kanggone wong wong  khusyu’,(QS Al Baqarah : 45)

Kaping gangsal, Shalat saged nuwuh-aken ketenteraman jiwa saha ketenangan batos, ugi saged kalis saking sedaya perkawis ingkang damel supe  saking jejibahan agung minulya saha suci.  Rasulullah SAW sampun paring dhawuh mekaten,

إِنَّمَا حُبِّبَ إِلَـيَّ مِنْ دُنْيَاكُمْ: اَلنِّسَاءُ وَالطِّيْبُ، وَجُعِلَتْ قُرَّةُ عَيْنِـيْ فِـي الصَّلَاةِ

Jawinipun, sak temene ing antarane kesenangan donya sira kebeh, kang ingsun tresnani yaiku wanita lan wewangian. lan didadek-ake tresna sira kabeh  ing manah ingsun ing sak njeroning shalat. (HR Ahmad dan AN-Nasa’i)

        Rikala Rasulullah SAW ketaman masalah saha kerupekan, panjenenganipun lajeng dangu,

يَا بِلَالُ ! أَرِحْنـــَا بِالصَّلَاة

Wahai Bilal, istirahat sak wetara ingsun kanthi salat” (HR. Ahmad)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah

Mekaten mugi Allah SWT ndadosaken kula lan penjenengan  sedaya dados ewonipun tiyang tiyang ingkang tansah njemeneng-aken shalat.

رَبِّ اجْعَلْنِي مُقِيمَ الصَّلاَةِ وَمِن ذُرِّيَّتِي رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاء

Jawinipun,Duh gusti mugi paduka ndadosaken kula lan anak turun kula menika, minangka dados tiyang tiyang ingkang tansah njumenengaken shalat, duh gusti mugi paduka ijabah ing doa menika (QS Ibrahim: 40)

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

Khutbah Kaping Kalih

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ، وَاْلعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلَّا عَلىَ الظَّالِمِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهاَالْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهم صَلِّ وَسَلّمْ عَلٰى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللهم انْصُرِ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ وَالْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ فِلِسْطِيْنَ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبِّ ٱجۡعَلۡنِي مُقِيمَ ٱلصَّلَوٰةِ وَمِن ذُرِّيَّتِيۚ رَبَّنَا وَتَقَبَّلۡ دُعَآءِ. رَبَّنَا ٱغۡفِرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيَّ وَلِلۡمُؤۡمِنِينَ يَوۡمَ يَقُومُ ٱلۡحِسَابُ . رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

Naskah Lengkap bisa di download disini

Silakan gabung Group WhatsApp

Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *