Dosa Ageng : Minum Khamr (Jogja Darurat Miras)
Khutbah sepisan
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْوَاحِدِ القَهَّارِ، اَلرَّحِيْمِ الْغَفَّارِ، أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الْعَزِيْزُ الجَبَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار، صَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ الطَيِّبِيْنَ الأَطْهَار، وَإِخْوَنِهِ الأَبْرَارِ، وَأَصْحَابُهُ الأَخْيَارِ، وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ مَا تُعَاقِبُ اللَيْلَ وَالنَّهَار، أما بعد، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ وَقُولُواْ قَوۡلٗا سَدِيدٗا. يُصۡلِحۡ لَكُمۡ أَعۡمَٰلَكُمۡ وَيَغۡفِرۡ لَكُمۡ ذُنُوبَكُمۡۗ وَمَن يُطِعِ ٱللَّهَ وَرَسُولَهُۥ فَقَدۡ فَازَ فَوۡزًا عَظِيمًا.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Sampun dados jejibahan sedaya muslim supados tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Allah SWT awit sedaya nikmat ingkang sampun katampi ngantos wekdal menika. Amargi kathah tiyang ingkang sami supe awit nikmat ingkang sampun katampi kados kasebat ing hadits mekaten,
نِعْمَتَانِ مَغْبُونٌ فِيهِمَا كَثِيرٌ مِنَ النَّاسِ ، الصِّحَّةُ وَالْفَرَاغُ
Jawinipun, “Ana nikmat loro kang akeh akehe manungsa padha lali marang karone, yaiku nikmat sehat lan waktu kober”. (HR. Bukhari)
Linangkung saking menika mangga kula lan penjenengan sedaya sami tasyakkur awit nikmat ingkang agung inggih nikmat islam saha iman.
Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng uswatun hasanah,junjungan kula lan penjenengan sami inggih, Nabi Muhammad SAW, lumeber dhateng para sahabat beliau, tabiin, tabiut tabiin, saha tiyang tiyang ingkang istiqamah dumugi akhir zaman samangke. Mugi mugi kula lan penjenengan sedaya menika kalebet tiyang ingkang samangke badhe angsal syafaatipun, aamiin.
Sak lajeng ipun khatib wasiat ing diri pribadi khusus-ipun sumrambah dhumateng jamaah sedaya, mangga tansah mbudidaya amrih mindakipun raos taqwa dhumateng Allah SWT. Amargi sak sae saenipun sangu inggih taqwallah menika.
وَتَزَوَّدُواْ فَإِنَّ خَيۡرَ ٱلزَّادِ ٱلتَّقۡوَىٰۖ
Jawinipun, “lan padha nggawa sangu saka sira kabeh, jalaran sak apik apik-e sangu yaiku taqwa.”
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Ing wekdal Akhir-akhir menika bilih peredaran minuman keras khusus-ipun ing Yogyakarta tansaya kathah saha damel resah. Amargi transaksi dol tinuku sampun mboten sesideman malih, kepara ngedeng. Outlet minuman keras sampun tuwuh ing kathah panggenan, kepara ing akun resmi media sosial, sampun paring layanan free delivery estu perkawis menika damel miris saha raos prihatos.
Hal menika kedahipun sampun dados kawigatosan serisu saking sedaya pihak. Linangkung pemerintah, kedah enggal enggal brastho peredaran minuman keras menika, kangge paring perlindungan kagem sedaya lapisan masyarakat. Mboten namung mengawasi, ananging pemerintah kabiyantu sedaya lapisan masyarakat kedah saiyek saeko kapti kedah paring perlindungan dhateng sedaya masyarakat, saking dampak awon konsumsi miras menika. Miras menika kejawi nerak paugeran sedaya agami, ugi mboten selaras kalih nilai moral, kesehatan jasmani rohani saha dasar negari inggih Pancasila. Rasulullah SAW sampun paring dhawuh
كُلُّ مُسْكِرٍ خَمْرٌ وَكُلُّ خَمْرٍ حَرَامٌ.
Jawinipun,”Saben saben barang kang agawe mabuk iku khamr, lan saben saben khamr iku haram”, (HR Muslim)
Pramila miras menika kalebet khamr. Tembung Khamr menika asal muasal saking Bahasa arab ingkang nggadahi makna nutupi. Inggih jalaran tiyang ingkang ngunjuk khamr, badhe ketutup akal sehat-ipun, kalebet ugi damel risak jasmani-nipun.
Pramila kedah enget bilih Allah SWT sampun paring dhawuh kanthi tegas, miras utawi khamr menika HARAM. Ing QS al Maidah ayat 90 kaserat mekaten,
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا إِنَّمَا الْخَمْرُ وَالْمَيْسِرُ وَالْأَنْصَابُ وَالْأَزْلَامُ رِجْسٌ مِنْ عَمَلِ الشَّيْطَانِ فَاجْتَنِبُوهُ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ
Jawinipun, “Hai wong wong kang padha iman, sak temene (ngombe) khamr, berjudi, (berkorban kanggo) berhala, ngundi nasib nganggo panah, (iku kabeh)penggawe kang nistha, kalebu pokal gawene syaitan. Mula padha ngadoha seka pengawe penggawe (ala iku kabeh) supaya sira oleh kabegjan. (QS. Al-Maidah: 90)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Agami Islam ngaturaken bilih khamr menika HARAM, inggih amargi kathah perkawis awon saha damel derdah ing gesang saha panggesangan sedaya manungsa. Perkawis perkawis ingkang badhe tuwuh akibat saking migunaken MIRAS inggih menika,
Sepisan, Minuman keras (khamr) minangka undering sedaya lampah awon. Rasulullah SAW sampun ngendika,
الْخَمْرُ أُمُّ الْخَبَائِثِ وَمَنْ شَرِبَهَا لَمْ يَقْبَلِ اللَّهُ مِنْهُ صَلاَةً أَرْبَعِينَ يَوْمًا فَإِنْ مَاتَ وَهِىَ فِى بَطْنِهِ مَاتَ مِيتَةً جَاهِلِيَّةً
Jawinipun, “Khamr iku hiya undering kabeh lampah nistha lan jember (ummul khobaits) lan sak sapa wae kang nginum (Miras) mula gusti Allah ora bakal nampa shalat-e 40 dina. (semana uga) yentha deweke mati nalika khamr iki ana ing sak jerone weteng-e mula deweke mata ing kahanan bathang jahiliyah. (HR At-Thabrani)
Akibat saking nginum MIRAS inggih badhe ical akal-ipun, saktemah badhe mbikak margi supados nglampahi kemaksiatan sanesipun, kadosta ngendikan saru, goroh, nyolong, kejahatan seksual saha sanes-sanesipun.
Wonten kisah ingkang saged dipun pendhet piwucal. Saking sahabat Utsman bin ‘Affan r.a. panjenenganipun ngaturaken mekaten, “kala rumiyin wonten setunggal piyantun kinasih ingkang ahli ngibadah, satemah wonten setunggal wanita ingkang remen dateng ahlu ngibadah menika. Saweneh wekdal wanita kasebat paring dhawuh dateng pembantu-nipun supadah marak sowan dhateng ahli ngibad supados teng ndaleme. Estu sak sampunipun ahli ngibadah kasebat mlebet lajeng sedaya kori kalih cendela dipun tutup saha dipun kunci. Ing mriku ahli ngibad kasebat semerep wanita ingkang namung ngagem rasukan ingkang ngundang syahwat, ngastos secangkir miras sah ing celakipun wonten lare taksih bayi.
Nuli wong wadon iku celathu: “penjenengan mboten saged miyos saking griya menika, sak derenge penjenengan milih ngunjuk khamr menapa zina kalih kula, menapa mejahi lare alit menika. Menawi penjenengan mboten kersa, kula ajeng njerit lan kandha menawi penjenengan sampun mlebet griya kula mboten ijin.”.
Wong lanang iku nuli njawab, “ aku ora arep nglakoni penggawe jember/nistha (zina) utawa mateni manungsa”. Ing akhiripun piyambak-e lajeng ngunjuk khamr. Demi Allah, piyambak-e mabuk, ical akal budinipun, lajeng piyambake nglampahi zina ugi mejahi lare alit menika, inggih jalaran mabuk, ical akalipun. Na’udzubillahi min dzalik.
Sak lajeng-ipun sahabat Utsman bin Affan paring wasiat,
فَاجْتَنِبُوا الْخَمْرَ فَإِنَّهَا وَاللَّهِ لا يَجْتَمِعُ الإِيمَانُ وَإِدْمَانُ الْخَمْرِ إِلا لَيُوشِكُ أَنْ يُخْرِجَ أَحَدُهُمَا صَاحِبَهُ
Jawinipun, “padha ngadoho sira kabeh seka khamr (MIRAS), amerga demi Allah, sak temene iman iku ora bakal bisa dadi siji karo khamr, ing sak njerone kalbu manungsa, kejaba kudu metu salah sijine. (HR. An-Nasa’i)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Kaping Kalih, saking sisi medis bilih dampak saking Khamr menika mboten baen baen, inggih menika damel risak ing saraf otak, gangguan fungsi hati, kerusakan pancreas, gangguan system pencernaan, penyakit jantung, mindakipun resiko kenging kanker lan sanes-sanesipun. Kagem ilustrasi utawi gegambaran kemawon bilih efek saking MIRAS menika menawi sampun kathah saha menep ing otak saha saraf saraf sanes sanesipun, saestu saged damel kerisakan ingkang permanen.
Kaping tiga, Khamr menika kalebet dosa ingkang ageng. Khamr kanthi sedaya model saha bentukipun, estu namung damel risak saha mata rantai dosa ingkang kathah. Khamr mboten namung damel risak diri pribadi ingkang ngonsumsi ananing ugi damel risak tatanan saha nilai moral sosial masyarakat. Kados dhawuh saking kanjeng Nabi SAW mekaten,
لَعَنَ اللَّهُ الْخَمْرَ وَشَارِبَهَا وَسَاقِيَهَا وَبَائِعَهَا وَمُبْتَاعَهَا وَعَاصِرَهَا وَمُعْتَصِرَهَا وَحَامِلَهَا وَالْمَحْمُولَةَ إِلَيْهِ
Jawinipun, “Allah wes nglaknat khamr, wong kang ngombe, wong kang ngiling, kang adol, kang tuku, wong kang meres, wong kang njukuk peresan, wong kang ngeterke lan wong kan njaluk diter-ake.” (HR. Abu Daud dan Ibnu Majah)
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah.
Mekaten khutbah ing cekak menika, mugi dados inspirasi dhateng muslim muslimat awit sedaya bebaya ingkang tuwuh saking MIRAS. Jejibahan menika mboten namung tugas pemerintah, ananging kedah ugi dipun sengkuyung sedaya lapisan masyarakat. Bilih miras saha jenis jenis sanesipun menika minangka mengsah sesarengan. Akhiripun mugi Allah tansah paring kekiyatan saha sesuluh tumuju margi ingkang sae. Aamiin
فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرَاتِ, أَقُولُ قَوْ لِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُوا اللَّهَ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kaping kalih
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ اْلعَالَمِيْنَ، وَاْلعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِيْنَ، وَلاَ عُدْوَانَ إِلَّا عَلىَ الظَّالِمِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، الْمَلِكُ اْلحَقُّ اْلُمبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اْلَمبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالمِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَاأَيُّهاَالْإِخْوَانُ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهم صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اَلِه وَ سَائِرِ الصَّحَابَةِ وَ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللهم أَصْلِحْ لَنَا دِينَنَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. اللهم أَعِزَّ الإِسْلامَ وَالمُسْلِمِينَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِينَ، وَدَمِّرْ أَعْدآءَ الدِّينِ، وَاحْمِ حَوْزَةَ الإسْلَامِ يَا رَبَّ العَالَمِينَ، اللهم انْصُرِ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ وَالْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ فِلِسْطِيْنَ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبِّ ٱجۡعَلۡنِي مُقِيمَ ٱلصَّلَوٰةِ وَمِن ذُرِّيَّتِيۚ رَبَّنَا وَتَقَبَّلۡ دُعَآءِ. رَبَّنَا ٱغۡفِرۡ لِي وَلِوَٰلِدَيَّ وَلِلۡمُؤۡمِنِينَ يَوۡمَ يَقُومُ ٱلۡحِسَابُ . رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
Dening : Ustadz Joko W.
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp
Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini


