Rasulullah, Tulada Kagem Sedaya Umat Manungsa
Khutbah Sepisan
الحَمْدُ للهِ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالهُدَى وَدِيْنِ الحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى دِيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللهِ شَهِيْدًا، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الَّدِيْنَ .فَياَ عِبَادَ الله، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى الله فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُون، يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى: لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَن كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيراً
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Mangga kula lan penjenengan tansah ngaturaken raos puja puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT. Shalawat salam salam mugi tansah katur dhumateng baginda Nabi Muhammad SAW, sak lajengipun mangga tansah mbudidaya amrih mindakipun raos taqwa dhumateng Allah SWT. Amargi kanthi taqwa menika ingkang samangke badhe angsal manfaat saha margi ingkang linangkung sekeca saha sae, sedaya saged uwal saking masalah gesang lan panggesangan, Allah SWT sampun paring dhawuh mekaten,
…وَمَن يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَل لَّهُ مَخْرَجاً. وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ …
Jawinipun “… sak sapa wonge kang taqwa marang Allah, mesthi penjenengane Allah bakal maringi kanggo deweke dalan uwal (seko kabeh masalah) lan panjenengan bakal paring rizki seko arah ngendi wae kang ora di sangka sangka (Qs. Ath-Thalaq: 2-3)
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Ing negari Makkah, rikala dinten senin 12 rabiul awwal tahun gajah, miyos ponang jabang bayi ingkang sesilih Muhammad. Sanes jabang bayi biasa, ananging samangke dados priyagung luhur, ingkang bekto dakwah risalah, pemimpin sedaya umat, ugi dados tetungguling para Nabi saha Rasul, Imaamul anbiyaa’ wal mursaliin.
Miderek riwayat ingkang sahih bilih kanjeng Nabi Muhammad SAW, menika piyantun ingkang ganteng rupawan saha kaparingan dedeg piyadeg ingkang sae saha sampurna.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Muhammad SAW inggih piyantun ingkang kagungan akhlak minulya. Wiwit timur, ngantos dewasa, awit saking sae saha saged dipun pitados kepara angsal gelar saking sedaya warga Makkah kanthi sebatan al-Amin. Panjenengan-E dipun utus Allah SWT , kanthi visi misi ingkang agung inggih menika ndamel sampurna-nipun akhlaq sedaya manungsa. Kados dhawuh dalem Allah ingkang kaserat ing surat al-Qalam : 4 mekaten,
وَإِنَّكَ لَعَلَىٰ خُلُقٍ عَظِيمٖ
Jawinipun, “ lan sak temene sira bener bener nduweni ahlaq kang agung/ luhur”
Awit endah tata dhohir, sampurna dedeg piyadeg-ipun, sae saha agung ahlaq-ipun, pramila mengsah mengsah dakwah inggih kafir Quroisy kala semanten mboten saged manggihi cacat saha awonipun. Rasulullah Muhammad SAW inggih Nabi saha Rasul ingkang linangkung sukses luar biasa, sae babagan agami saha babagan duniawi. Panjenengan-ipun saged sukses luar bisa mimpin bangsa ingkang ing awal minangka bangsa ingkang kethether, terpecah belah, dados bangsa saha negari ingkang majeng.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Nabi Muhammad SAW mboten namung Nabi saha Rasul kewala, ananging ugi minangka pemimpin, kepala negara saha kepala pemerintahan ing negari Madinah kala semanten. Pramila kaum muslimin kedah saged mendhet tulada awit model kepemimpinan Rasulullah SAW . Ing mriki saged dipun aturaken bilih akhlak Rasulullah minangka dados pemimpin inggih menika,
Sepisan, kepemimpinan Rasulullah tansah nengenaken akhlak minulya ing sedaya tindak lampah sedinten sedalu kalebet rikala mimpin umat, Nabi Muhammad SAW mimpinen nate ngina tiyang sanes, mboten pados pados awit kesalahan tiyang sanes, mboten ngendika menawi mboten paring pengendikan ingkang manfaat. ing madyaning nembe wawan pengendikan, Nabi ugi dereng nate munggel pangendikan tiyang sanes, kanjeng Nabi ugi tansah sabar dhumateng tiyang asing ingkang mboten sopan. Kalebet ahlaq ingkang linangkung ugi bilih kanjeng Nabi SAW menika paring menapa kemawon dhumateng tiyang ingkang nembe mbetah-aken. Lan sanes sanesipun taksih kathah sifat sifat sae saking kanjeng Nabi menika.
Sikap minulya Rasulullah SAW menika dipun puji Allah SWT, kados ingkang kasebat QS Al Ahzab ayat 21 mekaten,
لَقَدْ كَانَ لَكُمْ فِي رَسُولِ اللَّهِ أُسْوَةٌ حَسَنَةٌ لِّمَن كَانَ يَرْجُو اللَّهَ وَالْيَوْمَ الْآخِرَ وَذَكَرَ اللَّهَ كَثِيراً
Jawinipun, Sak temene wes ana ing diri pribadi Rasulullah iku suri teladan kang apik kanggo sira (yaiku) uga tumrap wong kang ngare-arep (rahmat) Allah lan (tumekane) dina kiamat lan deweke akeh banget nyebut asmane Allah.
Njagi akhlakul karimah estu wigatos ing sak lebeting kepemimpinan. Menawi pemimpin-ipun menika berakhlakul karimah, estu samangke sedaya penderek inggih badhe nulada menapa tindak lampahipun.
Kaping kalih, saged ngrampungi masalah kanthi wicaksana.
Ing rikala damel parit/ khandaq sesarengan para sahabat, estu bilih kanjeng Nabi tansah pirembagan kalih sedaya sahabat, amrih tuwuh solusi saha margi gampil kagem damel gangsaripun damel parit kasebat. Kanthi sikap mekaten estu ing samangke tansah manggihi sukses, inggih amargi sedaya sami nengenaken musyawarah mufakat.
Saking menika pemimpin menika kedah wicaksana ing sikap saha damel keputusan. Satemah samangke badhe tansah sukses menapa kemawon ingkang dipun seja.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Kaping tiga, Nabi SAW tansah nengenaken kawigatosan tiyang kathah sanes kawigatosan-ipun piyambak. Kathah kedadosan bilih Rasulullah SAW tansah paring nasihat saha solusi kagem para sahabat ingkang nembe nandang sekeng saha susah. Pramila Rasulullah tansah ngetingalaken raos empathy dhumateng para sahabat, sinaosa, panjenengane ugi nembe nandang prihatos. Hal menika estu minangka tanda yekti bilih sikap saha raos empathy kanjeng Nabi Muhammad SAW estu linangkung. Hal menika estu dados piwucal kagem para pemimpin wekdal sak menika.
Kaping sekawan, Musyawarah. Minangkapemimpin estu bilih Rasulullah SAW setunggaling peminpin ingkang lantip, visioner, perwira, mboten nate paring keputusan kanthi nafsu saha miderek kekajenganipun piyambak. Panjenengane tansah pirembagan utawi musyawarah kalih sedaya sahabat. Tarikh ngaturaken, Ing rikala badhe kedadosan perang Uhud, estu kanjeng Nabi SAW dangu dhateng sedaya sahabat supados sami musyawarah. Ing madyaning musyawarah tuwuh kalih pemanggih. Tetep bertahan ing kitho Madinah menapa dipun adepi ing njawi madinah. Estu amargi kathah ingkang usul supados dipun adhepi mengsah menika ing njawi, pramila lajeng kanjeng Nabi damel keputusan, dipun adhepi ing njawi kitha Madinah. Pramila sak mangke lajeng perang menika mapan ing tlatah gunung Uhud.
Kaping gangsal, sinaosa kagungan drajat pangkat ingkang linangkung, dados Nabi, Rasul saha pemimpin umat, kepara ugi dados tetungguling para Nabi saha Rasul, ananging panjenengan-ipun dereng nate sepisan kemawon lajeng gumedhe. Rasulullah SAW tansah lembah manah andhap asor, bilih sedaya umat manungsa menika sami ing ngarsanipun Allah, ingkang damel benten namung raos iman saha taqwan-ipun. Ing bab menika saged dipun pirsani ing tarikh inggih rikala nindaken perang khondaq. Kanjeng nabi inggih mandhap langsung ing pabaratan mengsah para kafirin ingkang ngepung ing kitha madinah kala semanten. Nabi mboten namung dhawuh dhateng para sahabat, ananging kanjeng nabi ugi ngraosaken pahit getir saha rekaos-ipun ing peperangan.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah
Sedaya ingkang tuwuh saking Rasulullah inggih dados piwucal ingkang wigatos dipun simak, dipun sinau saha dipun damel praktek amalan sedinten sedalunipun. Bilih Rasulullah SAW minangka tuladha estu estu saged dados rujukan ingkang otentik kagem sedaya umat ing level saha strata menapa kemawon. Mugi mugi Allah SWT tansah paring margi gampil saha pitedah supados kula lan pen jenengan sedaya saged mendhet tuladha saking tindak dalem Rasulullah SAW. aamiin
فَاسْتَبِقُوا الْخَيْرَاتِ أَقُولُ قَوْ لِي هَذَا وَاسْتَغْفِرُوا اللَّهَ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah Kaping kalih
اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفٰى، وَسَلاَمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. اللهم صَلِّ وَسَلّمْ عَلٰى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهم صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اَلِه وَ سَائِرِ الصَّحَابَةِ وَ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانِ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللهم اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ، فَيَاقَاضِيَ اْلحَاجَاتِ. اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. اللهم إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللهم أَصْلِحْ لَنَا دِينَنَا اَلَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَا نَا اَلَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا اَلَّتِي إِلَيْهَا مَعَادُنَا وَاجْعَلْ اَلْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ وَاجْعَلْ اَلْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. اللهم أَعِزَّ الإِسْلامَ وَالمُسْلِمِينَ، وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَالمُشْرِكِينَ، وَدَمِّرْ أَعْدآءَ الدِّينِ، اللهم انْصُرِ إِخْوَانَنَا الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْتَضْعَفِيْنَ وَالْمُجَاهِدِيْنَ فِيْ فِلِسْطِيْنَ، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
Oleh : Ustadz Joko W
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp
Donasi Dakwah
Bank Muamalat : 53200 16730
a.n. Majelis Tabligh PDM Bantul
Konfirmasi : klik disini


