Khutbah Jum’at Bahasa Jawa : Pendidikan Agami
Khutbah Sepisan
الْحَمْدُ لِلّٰهِ نَحْمَدُهُ وَ نَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِ اللّٰهُ فَلَامُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ إِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ, وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَاعِيْنَ.
اَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللّٰهِ إِتَّقُوْ اللّٰهَ حّقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللّٰهُ تَعَالٰى فِى الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. اَعُوْذُ بِاللّٰهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ. ي يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ
Jamaah jum’at ingkang minulya
Sedaya puji mugi katur dhumateng Allah I, ingkang sampun maringi linangkung kathah sih nugraha rahmat saha nikmat. Shalawat saha salam mugi tansah katur dhumateng Rasulullah r, lumeber sedaya keluarga, para sahabat, tabiin, tabiit tabiin, saha sedaya kaum muslimin wal muslimat. Mangga kula lan penjenengan sedaya tansah mbudidaya amrih mindakipun raos iman saha taqwa dhumateng Allah, kanthi nindakaken sedaya dhawuh saha nebihi sedaya awisanipun.
Jamaah jum’at ingkang minulya
Sedaya sami mangertos bilih kemajengan ilmu pengetahuan saha tehnologi estu ngedap-ngedapi. Hal menika estu damel gampil saha sekecanipun gesang lan panggesangan. Gaya hidup sekedik kathah ugi owah gingsir selaras kalih kemajengan tehnologi kasebat. Pramila agami kedah hadir, kedah dados benteng. Amargi kanthi kemajengan tehnologi kasebat kejawi hal hal ingkang positif, kasunyatan ugi wonten efek negatif ingkang nggegirisi. Kadosta HP estu kathah sanget manfaat saking HP menika, ananging HP ugi dados nuwuhaken efek negatif, amargi mboten bijak anggenipun ngagem. Mboten namung game, ananging ugi wradinipun pornografi, kekerasan, saha tuwuhipun kasus kasus kriminal saha sosial kadosta Judi on line, pinjol lan sanes sanesipun.
Kagem bentengi saking hal hal negatif kasebat ing nginggil, pramila kedah kiat dasar dasar pendidikan keagamaanipun. Kepripun cara ngupadi supados kiat? caranipun inggih menika :
Sepisan, Mlebet ing pawiyatan pawiyatan ingkang berbasis agami, madrasah saha pondok pesantren, satemah ing tembe angsal ilmu agami saha ilmu umum. Miderek pengendikanipun imam Ghozali bilih pendidikan menika damel sampurna, resik saha suci, ugi mbekta manah manungsa menika parek dhumateng Allah I. Satemah output saking pawiyatan menika inggih tansah nuwuhaken generasi ingkang oke iman saha taqwanipun, saha jumbuh kalih ilmu pengetahuan ingkang sampun kacepeng. Wonten pengendikan saking Imam Syafi’i mekaten.
مَنْ أَرَادَ الدُّنْيَا فَعَلَيْهِ بِاْلعِلْمِ، وَمَنْ أَرَادَ الآخِرَهَ فَعَلَيْهِ بِالْعِلْمِ،
Jawinipun, sak sapa wae kang duwe pepenginan apik ing ngalam donya iki, mekolehe hiya nganggo ngilmu, semono uga sak sapa wae kang kepingin apik ing akhirate, mula hiya kudu diluru karo ngilmu. (Manaqib Asy Syafi’i, 2/139)
Pramila kanthi pawiyatan menika dipun gadang saged tambah iman taqwanipun, langkung faham agami saha kiat iman taqwanipun.
Kaping Kalih, Bilih jejibahan mulang wuruk saha damel slamet saking paseksan neraka menika ugi saweneh saking tanggeljawab tiyang sepuh. Wonten dhawuh saking Allah mekaten,
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ
Jawinipun, wahai wong wong kang padha iman, slametna awakmu lan keluargamu seka siksa neraka kang Hai orang-orang yang beriman, peliharalah dirimu dan keluargamu dari api neraka yang bahan bakarnya adalah manusia dan batu; penjaganya malaikat-malaikat yang kasar, keras, dan tidak mendurhakai Allâh terhadap apa yang diperintahkan-Nya kepada mereka dan selalu mengerjakan apa yang diperintahkan. (QS at-Tahrim 6)
Jamaah jum’at ingkang minulya
Kaping Tiga, Tiyang sepuh tansah paring dhawuh saha tulada ing babagan pengibadahan, linangkung nindak-aken sholat gangsal wekdal. Allah paring dhawuh mekaten,
وَأْمُرْ أَهْلَكَ بِالصَّلَاةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَا ۖ لَا نَسْأَلُكَ رِزْقًا ۖ نَحْنُ نَرْزُقُكَ ۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوَىٰ
Jawinipun, lan padha perintah sira marang keluargamu ngedekake shalat lan padha sabar-a sira kabeh ing sak jerone nglakoni. Ingsun ora bakal njaluk rizki marang sira, (ananging) Ingsun Allah kang paring rizki marang sira, lan akibat kang becik kanggo wong wong kang padha taqwa (QS. Thaha : 132)
pramila kanthi tansah ajeg nindak-aken jamaah wonten ing masjid insyaa Allah lare ugi badhe nderek saha niru. Nabi r sampun dhawuh mekaten,
مُرُوا أَوْلاَدَكُمْ بِالصَّلاَةِ وَهُمْ أَبْنَاءُ سَبْعِ سِنِينَ وَاضْرِبُوهُمْ عَلَيْهَا وَهُمْ أَبْنَاءُ عَشْرِ سِنِينَ وَفَرِّقُوا بَيْنَهُمْ فِى الْمَضَاجِعِ
Perintah-a marang anak-anakmu kabeh supaya padha nglakoni shalat rikala umur pitung tahun, lan tabok-en anak anak iku mau rikala wes umur sepuluh tahun (ananging padha ogah ogahan nglakoni shalat) lan pisah-na ing antarane papan turune anak anak ira kabeh. (HR. Abu Daud)
Kaping Sekawan, Mekaten ugi tiyang sepuh paring pasinaon saha tulada ing babagan pengibadahan ingkang kalebet dimensi sosial saha berorganisasi.
Kaping Gangsal, Rajin tadabur saha tadarus al Qur’an. Satemah ing bale griya menika semarak saha grengseng sami maos al qur’an, kalebet ugi maos saha nyinau ilmu limu sanesipun, kadosta fiqh, tarikh, hadits lan sanes sanesipun.
Jamaah Jum’at ingkang minulya
Mekaten ingkang sekedik menika mugi dados panjurung saha sekedik urun rembug, mugi manfaat, aamiin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah Kaping Kalih
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا. أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَةِ. رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِنْ لَدُنْكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنْتَ الْوَهَّابُ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ ومَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
Oleh : M Humam, S.Ag
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp

