Aktif Miderek Organisasi
Khutbah Sepisan
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُودُوا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
اَمَّا بَعْدُ، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلاَّوَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَلْتَكُنْ مِّنْكُمْ اُمَّةٌ يَّدْعُوْنَ اِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ
Kaum Muslimin sidang Jum’at rahimakumullah
Ingkang sepisan mangga kula lan penjenengan ngaturaken raos puja saha puji konjuk wonten ngarsa dalem Allah I, ingkang sampun maringi kenikamatan iman saha islam, kalebet nikmat pitedah satemah saged pana ing nilai-nilai luhur agami Islam. Shalawat saha salam mugi tansah kaaturaken dhumateng nabiyullah Nabi Muhammad r, keluarga , sahabat, lumeber dhateng sedaya kaum muslimin muslimat ingkang tansah gegesang sunnah sunnahipun. Mekaten ugi mangga tansah mbudidaya amrih kiyatipun iman saha taqwa dhumateng Allah I.
Wekdal menika kula badhe ngaturaken khutbah kanthi irah irahan “Berorganisasi”. Islam paring piwucal dhumateng muslimin muslimat supados remen silaturrahim supados kekadangan menika mindak remaket, kalebet berorganisasi menika saweneh saking tata cara supados saged damel berfikir dewasa ugi kagem tuwuhipun kekadangan tumuju ing ancas tujuan ingkang linangkung sae.
Selaras ugi bilih manungsa menika kalebet makhluq sosial, ingkang purun mboten purun kedah gesang serarengan ing madyaning masyarakat. Sianos-a sugih pol mboten kantenan, utawi mlarat rat, manungsa mesthi betah tiyang sanes. Ing madyaning gesang sedinten sedalu manungsa mboten badhe saged gesang piyambak, mboten badhe saged nyekapi kabetahan-nipun , kalebet tiyang ingkang kagungan jabatan, kekayaan arta banda, piyambake taksih betah tiyang sanes. Pramila supados saged gangsar saha sae manungsa kedah tansah bantu biyantu, ingkang dipun atur ing madyaning sesrawungan saha organisasi, sedaya menika kagungan pangajab damel sae sedayanipun saha dhateng sinten kemawon.
Kagem umat islam wabil khusus warga saha simpatisan Muhammadiyah, wigatosipun organisasi kados ingkang kaserat Ing sak lebeting buku Pedoman Hidup Islami Warga Muhammadiyah ing halaman 73 mekaten : Persyarikatan Muhammadiyah merupakan amanat umat yang didirikan dan dirintis oleh K.H. Ahmad Dahlan untuk kepentingan menjunjung tinggi dan menegakkan Agama Islam sehingga terwujud masyarakat Islam yang sebenar-benarnya, karena itu menjadi tanggungjawab seluruh warga dan lebih-lebih pimpinan Muhammadiyah di berbagai tingkatan dan bagian untuk benar-benar menjadikan organisasi (Persyarikatan) ini sebagai gerakan da’wah Islam yang kuat dan unggul dalam berbagai bidang kehidupan.
Mila menawi miderek ombyaking dakwah kasebat, muslim muslimat kedah tansah enget pengendikanipun Allah I ing surat Ali-Imran ayat 104 mekaten,
وَلْتَكُنْ مِّنْكُمْ اُمَّةٌ يَّدْعُوْنَ اِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ ۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ
Jawinipun : “prayoga ana ing antarane sira segolongan wong kang padha ajak ajak marang agawe makruf, lan menggak saka tumindak kang mungkar. Hiya mengkono mengkono iku kabeh wong wong kang padha untung. “(QS. Ali-Imran : 104)
Jamaah ingkang minulya, ugi kaserat ing al-Quran surat al Hujurat ayat 13 mekaten :
يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْا ۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْ ۗاِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ
Jawinipun : “Hai kabeh manungsa sak temene ingsun ngripta sira kabeh iku seka wong lanang lan wong wadon, lan ingsun uga ndadek-ake sira berbangsa-bangsa lan bersuku-suku supaya sira padha kenal. Sak temene wong kang paling mulya saka sira kabeh ing ngarsane Allah, yoiku wong kang paling taqwa. sak temene Allah iku maha pirsa saha maha ngudaneni ”.(QS. Al-Hujurat 13)
saking ayat ing nginggil saged dipun pendhet ringkesing rembag, bilih Islam paring pamrayogi supados umat manungsa menika sami mlempak saha berjamaah utawi berorganisasi. Pramila kanthi organisasi kasebat dipun gadang bilih dakwah amar ma’ruf nahi munkar dados linangkung sae saha gampil katindak-aken.
Jama’ah jum’ah rahimakumullah.
Ing pranatan agami islam bilih organisasi paling mboten kedah miderek kalih prinsip inggih menika persatuan saha ketaqwaan dhumateng Allah I, kados Allah I paring dhawuh mekaten:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاعْتَصِمُوْا بِحَبْلِ اللّٰهِ جَمِيْعًا وَّلَا تَفَرَّقُوْا ۖوَاذْكُرُوْا نِعْمَتَ اللّٰهِ عَلَيْكُمْ اِذْ كُنْتُمْ اَعْدَاۤءً فَاَلَّفَ بَيْنَ قُلُوْبِكُمْ فَاَصْبَحْتُمْ بِنِعْمَتِهٖٓ اِخْوَانًاۚ وَكُنْتُمْ عَلٰى شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَاَنْقَذَكُمْ مِّنْهَا ۗ كَذٰلِكَ يُبَيِّنُ اللّٰهُ لَكُمْ اٰيٰتِهٖ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُوْنَ
Jawinipun : “Wahai wong wong kang padha iman, taqwa-a marang Allah kanthi sak bener bener taqwa marang piyambak-E lan aja pisan pisan sira mati kejaba mati kelawan ngrukebi agama Islam. Lan padha gegondelan sira kabeh marang agamane Allah, aja pisan pisan sira padha crah lan eling-a marang nikmate Allah nalika mbiyen sira padha memungsuhan. nuli Allah paring sih nugraha aris ing atimu, banjur sira pada seduluran, (lan elinga uga nalika wektu iku) sira ana ing pinggire jurang neraka, nuli Allah nylamet-ake sira seka neraka. Hiya kaya mengkono Allah wes nerangake ayat ayat-e marang sira supaya sira oleh pituduh.” (QS. Ali-Imran 102-103)
Pramila estu penting rikala kula lan penjenengan nembe wawan rembag kalih tiyang sanes, saweneh inggih mawi sarana miderek organisasi. Kaserat ing QS. Al-Maidah ayat (kalih) 2 mekaten,
وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوٰىۖ وَلَا تَعَاوَنُوْا عَلَى الْاِثْمِ وَالْعُدْوَانِ ۖوَاتَّقُوا اللّٰهَ ۗاِنَّ اللّٰهَ شَدِيْدُ الْعِقَابِ
: “bantu biyantu sira kabeh ing (nglakoni) kebecikan lan taqwa, lan aja pisan pisan sira bantu biyantu ing nglakoni dosa lan memungsuhan. Taqwa-a marang Allah, saktemene pasiksan Allah iku banget larane”.
Ingkang sak lajengipun bilih kagem ngemonah organisasi sekedik-ipun kedah wonten tigang perkawis wigatos inggih menika; Keikhlasan, kebersamaan saha pengorbanan. Kejawi saking menika ugi wonten ingkang paring panyaruwe, bilih kagem paring semangat, nyengkuyung organisasi kanthi esttu estu wonten pengendikan mekaten,
اَلْحَقُّ بِلاَ نِظَامٍ يَغْلِبُهُ اْلبَاطِلُ بِنظَامِ
Jawinipun “barang bener kang ora dikemonah kanthi apik, bisa dikalah-ake barang kang bathil ananging di kemonah kanthi becik.
Ringkesing Rembak :
- Bilih manungsa menika mahluq sosial, setunggal saha sewenehe kedah tansah bantu biyantu.
- Bantu biyantu ing perkawis kesaenan saha taqwa, sampun ngantos bantu biyantu ing perkawis dosa/ maksiyat saha memengsahan.
- Wontenipun organisasi inggih kagem damel gampil tumuju ing ancas tujuan ingkang badhe dipun angkah.
Mekaten khutbah namung ringkes menika mugi manfaat, aamiin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
Khutbah kaping kalih.
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ،
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ. اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. اَللَّهُمَّ رَبَّنَا تَـقَـبَّلْ مِنَّا صَلاَتَنَا وَصِيَا مَنَا وَرُكُوْ عَنَا وَسُجُوْدَنَا وَقُعُوْدَنَا وَتَضَرُّعَنَا وَتَخَشُّوْعَنَا وَزَكَاتَنَا وَتَعَبُّدَنَا وَتَمِّمْ تَقْصِيْرَنَا يَا اَلله يَا رَبَّ الْعَا لَمِيْنَ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Dening : Ustadz Drs. Nur Idy, S.Ag
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp

