Kalimat Tauhid Minangka Kunci Mlebet Surga
Khutbah Sepisan
ٱلۡحَمۡدُ لِلَّهِ ٱلَّذِيٓ أَنزَلَ عَلَىٰ عَبۡدِهِ ٱلۡكِتَٰبَ وَلَمۡ يَجۡعَل لَّهُۥ عِوَجَاۜ قَيِّمٗا لِّيُنذِرَ بَأۡسٗا شَدِيدٗا مِّن لَّدُنۡهُ وَيُبَشِّرَ ٱلۡمُؤۡمِنِينَ ٱلَّذِينَ يَعۡمَلُونَ ٱلصَّٰلِحَٰتِ أَنَّ لَهُمۡ أَجۡرًا حَسَنٗا. أَشْهَدُ أَنْ لآَّ إِلَهَ إلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِ يْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْ لُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَللَّهُمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَا بِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ : أَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِىْ بِتَقْوَى اللَّهِ فَقَدْ فَازَالْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى فِي اْلكِتَابِهِ اْلكَرِيْمِ : إِنَّمَا ٱلۡمُؤۡمِنُونَ ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ بِٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦ ثُمَّ لَمۡ يَرۡتَابُواْ وَجَٰهَدُواْ بِأَمۡوَٰلِهِمۡ وَأَنفُسِهِمۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِۚ أُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلصَّٰدِقُونَ
Jamaah jum’at rahimakumullah
Puji saha syukur tansah konjuk dhumateng Allah c awit paringipun rahmat lan hidayahipun, linangkung-hidayah Iman saha Islam . Shalawat lan salam mugi tansah kaparingaken dhumateng Nabi Muhammad ﷺ, keluarga, shahabat lan mugi lumeber dhumateng kula lan penjenengan sami, amiin.
Saklajengipun mangga kula lan penjenengan sami, tansah ngupadi amrih mindak-ipun raos iman saha taqwa dhumateng Allah c, kanthi nindak-aken dhawuh-dhawuhipun Allah c, saha nebihi menapa ingkang dados awisanipun
Jamaah jum’at rahimakumullah
Sampun dados kewajiban ing saben saben tiyang mukmin, inggih menika pitados kanthi tulusing manah bilih namung Allah c menika, minangka Ma’bud (ingkang haq dipun sembah), mboten wonten sanesipun, kanthi lafaz : لَاِإلَهَ ِإلاَّأللهُ . Pramila amargi lafaz utawi ikrar kalimatut tauhid kasebat, tiyang ingkang ngamal kesaenan dipun reken minangka amal sholih, ananging kosok wangsulipun, sinaosa ngamal kesaenan ingkang linangkung kathah ananging dereng ikrar kanthi kalimatut tauhid kasebat, estu amalipun dados muspra.
Saking edi saha agung-ipun kalimatut tauhid kasebat, estu badhe angsal kabegjan kagem tiyang ingkang ngantos ing akhir hayatipun tansah ngrungkebi kalimatut tauhid menika. Rasulullah ﷺ sampun paring dhawuh mekaten,
مَنْ كَا نَ أَخِرُ كَلاَ ِمهِ َلاِإلَهَ ِإلاَّأللهُ دَخَلَ اْلجَنَّةَ
Jawinipun : “sak sapa wae kang ucapan pungkasane sak durunge seda ngucap laa ilaaha ilallah, mesthi deweke iku mlebu suwarga”. (HR Ahmad dan Abu Dawud)
Jamaah jum’at rahimakumullah
Sinaosa mekaten menawi miderek saking imam Wahab bin Munabbih (Tabi’in) kados ingkang sampun dipun nukil saking Imam Bukhari, ngaturaken : bilih kalimat “Laa ilaha illallah menika, minangka kunci-nipun suwarga, saben saben kunci menika kagungan luk-luk-an khusus, pramila menawi luk-luk-an kunci menika ceples, estu saged kagem mbikak kori-nipun. saking ucapan “Laa ilaha illallah” menika wonten 7 (pitu ) syarat,kangge mbikak-ipun inggih menika
Ingkang sepisan, Ilmu.
Tiyang ingkang ngucap “Laa ilaha illallah” kedah mangertos saha memahami makna menapa, ing sak lebeting kalimat kasebat. Menawi mboten mangertosi saha mboten memahami estu mboten badhe labet. Rasulullah ﷺ paring dhawuh mekaten :
مَنْ مَاتَ وَهُوَ يَعْلَمُ أَنَّهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ دَخَلَ الْجَنَّةَ
Jawinipun : “ sak sapa wae kang seda ing kahanan, ngerti lan yaqin, yentho ora ana pengeran kang haq disembah kejaba Allah, mangka kanggo deweke bakal mlebu suwarga” (HR Muslim)
Ongko Kalih, Yaqin,
Bilih tiyang ingkang ngucap “Laa ilaha illallah” kedah kairing kanthi raos yaqin saha pitados, kalih menapa ingkang dipun aturaken. Kaserat ing QS Hujurat :15 mekaten :
إِنَّمَاٱلۡمُؤۡمِنُونَٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ بِٱللَّهِ وَرَسُولِهِۦ ثُمَّ لَمۡ يَرۡتَابُواْ وَجَٰهَدُواْ بِأَمۡوَٰلِهِمۡ وَأَنفُسِهِمۡ فِي سَبِيلِ ٱللَّهِۚ أُوْلَٰٓئِكَ هُمُ ٱلصَّٰدِقُونَ
Jawinipun : Sak temene wong wong kang padha iman, yaiku wong wong kang percaya marang Allah lan utusane, nuli ora mamang lan deweke padha nglakoni jihad nganggo arta bandane, lan jiwane ing dedalane gusti Allah, ya mengkono mengkono iku wong padha bener(imane). (QS. Al-Hujurat:15)
Jamaah jum’at rahimakumullah
Ongko tiga, Nampa kanthi ikhlas.
Bilih kapitadosan menika mboten cekap namung yakin kewala, ananging sedaya konsekwensi saking ucapan kasebat kedah dipun tampi kanthi tulus ihlas. Sedaya dhawuh dipun lampahi sedaya awisan dipun tilar, pranatan saha paugeran ugi dipun yakini menawi sedaya menika saking Allah c.
Ongko sekawan, Patuh,
Estu kedah kanthi kapitadosan ingkang linangkung, bilihtumungkul patuh menika estu estu mboten wonten raos sekedhik kemawon lampah gumedhe saha mbedal saking dhawuh pranatan paugeransakingAllah c.
فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤۡمِنُونَ حَتَّىٰ يُحَكِّمُوكَ فِيمَا شَجَرَ بَيۡنَهُمۡ ثُمَّ لَا يَجِدُواْ فِيٓ أَنفُسِهِمۡ حَرَجٗا مِّمَّا قَضَيۡتَ وَيُسَلِّمُواْ تَسۡلِيمٗا
Jawinipun : mula demi pengeranmu, yentho wong wong iku sak benere ora padha iman, menawa durung ndadek-ake sira minangka hakim ing perkara perkara kang padha cecongkrehan, tumuli wong wong iku ora padha ngrasa abot ing jeroning ati, apa apa kang wus sira tetep-ake, lan padha nampa sekabeh-ane. (QS. An-Nisa : 65)
Ongko gangsal, Iman kanthi estu estu pitados
Kalimatut Tauhid kedah dipun ditaati kanthi estu estu sak wetah-ipun, mboten kepareng namung lamis saha namung ing lathi, kapitadosan kedah tulus, sampun ngantos sedeng, kadosta taat marang syetan saha maelu hardaning nefsu.
وَمِنَٱلنَّاسِ مَن يَقُولُ ءَامَنَّا بِٱللَّهِ وَبِٱلۡيَوۡمِٱلۡأٓخِرِ وَمَا هُم بِمُؤۡمِنِينَ ٨
Jawinipun : seweneh manungsa ana kang celathu : aku kabeh iman marang Allah lan dina qiyamat, ananging sak temene wong wong iku ora kalebu golongane wong padha iman. (QS. Al-Baqarah : 8)
Jamaah jum’at rahimakumullah
Ongko enem, Ikhlas.
Ikhlas ateges namung mligi ing saben saben pengendikan saha tumindak-ipun namung kagem Allah c. Satemah sedaya konsekwensi saking kalimatut tauhid, inggih pengendikan saha tumindak menika namung tansah mligi dhumateng Allah, dzat ingkang haq dipun sembah. Allah ngendika ing Hadist Qudsi mekaten :
قَالَ اللهُ تَبَارَكَ وَتَعَالَى: “أَنَا أَغْنَى الشُّرَكَاءِ عَنِ الشِّرْكِ، مَنْ عَمِلَ عَمَلاً أَشْرَكَ فِيهِ مَعِي غَيْرِي تَرَكْتُهُ وَشِرْكَهُ”.
Jawinipun : Allah kang Maha suci lan Maha luhur sampun paring Dhawuh :Ingsun dzat kang banget ora mbutuhke marang liyane (makhluk). sak sapa wae kang nglakoni sewiji amalan kang ing sak jeroning amalan iku ana unsur syirik, mesthi ingsun bakal ninggal wong iku lan sekutone . (HR. Muslim)
Ongko pitu,Mahabbah utawi tresna,
Bilih tresna ingkang sayektos lebet , ingkang miyos saking substansi tauhid, kairing sedaya konsekwensi-nipun saha tresna dhumateng tiyang tiyang ingkang komitmen ing tauhid, saha mboten remen dhumateng sedaya hal ihwal ingkang cengkah kalih makna kalimatut tauhid. Allah ngendika ingkang kaserat ing QS. Al-Baqarah 165 (satus sewidak gangsal) mekaten :
وَمِنَٱلنَّاسِ مَن يَتَّخِذُ مِن دُونِ ٱللَّهِ أَندَادٗا يُحِبُّونَهُمۡ كَحُبِّ ٱللَّهِۖ وَٱلَّذِينَ ءَامَنُوٓاْ أَشَدُّ حُبّٗا لِّلَّهِۗ ….
Jawinipun : lan ing antarane manungsa iku ana wong wong kang padha nyembah (samubarang) sak liyane Allah, wong akeh iku padha tresna ing deweke kaya dene nresnani ing Allah. Lan wong wong kang padha iman iku banget tresnane marang Allah.
Mugi mugi Allah c tansah paring kekiyatan jasmani saha rohani, amrih tansah saged nuhoni kalimatut tauhid ing sadengah papan panggenan saha sadengah wekdal.Wallahu a’lam bish showab
بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ فِىالْقُرْأَنِ الْعَظِيْمُ وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْوَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرالرَّا حِمِيْنَ.
Khutbah kaping Kalih
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ حَمْدًا كَثِيْرًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمِّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ؛ عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، فِي العَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ،
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ، الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ.
اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى وَالتُّقَى وَالعَفَافَ وَالغِنَى. اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ الخَاسِرِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا في الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ, وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.عِبَادَ اللهِ :إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي القُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ
Anggitan : Ustadz H. Sugeng Prihatin, SH
Naskah Lengkap bisa di download disini
Silakan gabung Group WhatsApp

