Minulya Miderek Tauhid, Sengsara Jalaran Syirik
Khutbah ingkang sepisan:
اَلْحَمْدُ ِللهِ وَكَفٰى ، وَسَلاَمٌ عَلٰى عِبَادِهِ الَّذِيْنَ اصْطَفٰى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلا ّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ. الَّلهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلىَ نَبِيِّناَ مُحَمَّد وَ عَلىَ اٰلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ اللهِ, اُوْصِيْكُمْ وَاِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَلَقَدْ بَعَثْنَا فِي كُلِّ أُمَّةٍ رَسُولاً أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاجْتَنِبُوا الطَّاغُوت
Jamaah Jum’at Rahimakumullah….
Alhamdulillahi Rabbil ‘Aalamiin, mangga kula lan penjenengan sedaya tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Allah ingkang sampun maringi kenikmatan ingkang linangkung kathah, ngantos mboten saged dipun etang saha dipun wilang. Sih nugraha saha rahmat tansah tumanduk ing Siang saha ratri. Ingkang menika mugi mugi kula lan penjenengan sedaya kalebet ewonipun kawula kawula ingkang tansah syukur dhumateng gusti Allah. Shalawat lan salam mugi tansah kaparingna dhumateng panutan kita Rasulullah Muhammad SAW, sumrambah ing sedaya kulawarga, para shahabat lan sedaya umat dumugi akhiring jaman.
Ing wekdal ingkang sae menika, mangga penjenengan sedaya lan kula, tansah mbudidaya supados mindak raos taqwa dhumateng Allah ing sadengah wekdal saha panggenan. Pramila saking menika sampun ngantos tilar donya kanthi kahanan suul khotimah, wafat kanthi mboten mbekta iman saha taqwa. Mumpung taksih wonten wekdal, mangga sami muhasabah linafsih, sampun sepinten saha kados pundi, penjenengan sedaya lan kula, ing babagan taqwa menika, saged kajiwa kasarira ing madyaning gesang.
Jamaah Jum’at Rahimakumullah….
Ketaatan ingkang paling agung inggih menika nglampahi tauhid, mekaten ugi kemaksiyatan ingkang agung, kedah wajib dipun tebihi, injih menika tumindak syirik. Hal menika kalebet fitrah ingkang kedah dipun cepengi kanthi estu. Pramila tauhid menika ancas tujuan dipun damel makhluq, dipun utus sedaya Nabi lan Rasul, tumurunipun kitab kitab samawi, kalebet ugi minangka asas ingkang linangkung wigati, ingkang ugi kedah dipun lampahi sedaya tiyang ingkang tumuju dhumateng Allah, Rabb al ‘alamiin.
Selengkapnya klik disini

